Jumat, 05 November 2010

Bothekan (5)

261. Ketonjok blolok (Bs)

Nyatur ala, ora ngerti yen wong sing dicatur ana ing kono.


262. Ketula-tula ketali (Pb))

Uripe tansah ngalami ora kepenak, kerep sengsara.


263. Kineban lawang tobat (...)

Wis ora bisa oleh pangapuraning Alah.



264. Klenthing wadhah masin (Bs)

Wong sugih, senajan wis mlarat meksa isih lumayan uripe.





265. Kleyang kabur kanginan (...)

Ngulandara ; mbambung ; urip saparan-paran.



266. Kriwikan dadi grojogan (Pb)

Perkara sepele dadi gedhe.



267. Krosak ing kene, gedebug ing kana (Pb)

Nyemoni.



268. Kudhi pacul singa landhepa (Bs)

Wis padhadene sinau,kari padha adu begja.



269. Kucing-kucing diraupi (...)

Ala-ala uga gelem jalaran lagi butuh.



270. Kumenthus ora pecus (Pb)

Sugih kesaguhan nanging ora mrantasi.



271. Kulak warta adol prungon (Pb)

Takon pawarta lan ngandhakake pawarta kang dirungu.



272. Kumrisik tanpa kanginan (Pb)

Senajan ora didakwa, sarehne rumangsa nindakake panggawe ala atine

meksa ora kepenak.



273. Kuncung nganti gelung (Pb)

Wiwit cilik nganti tuwa.



274. Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul (Bs)

Sing apik dikandhakake ala, sing ala dikandhakake apik.

(dhandhang = manuk gagak )



275. Kutuk marani sunduk (Bs)

Njarag marani bebaya.

(kutuk = arane iwak kali ; sunduk = iratan pring kanggo nyunduki iwak)



276. Ladak kecangklak (Bs)

Wong angkuh nemu pakewuh.



277. Lahang karoban manis (Bs)

Rupane ayu tur luhur budine ; apik rupane lan apik bebudene.

(lahang = legen ; towak enom sing rasane legi)



278. Lambe satumang kari samerang (Bs)

Wis kerep dituturi nanging ora manut-manut.

(tumang = ganjel lambe pawon , lumrahe saka kreweng)

(merang = gagang pari sing wis garing sawuse gabahe dirontog).



279. Lanang kemangi (Pb)

Wong lanang sing jirih banget.



280. Landhep dhengkul (Pc)

Ora gathekan ; ora lantip; bodho.



281. Lawas-lawas kawongan godhong (...)

Wong ngabdi iku lawas-lawas mesthi ora kanggo.

(kawongan godhong = nduweni sipat kaya godhong, yen ora ana gunane

banjur dibuwang ).



282. Lebak ilining banyu (Pb)

Wong cilik dianggo tiban kaluputan.



283. Ledhang nemu pedhang (Pb)

Wong klonthang-klanthung nemu kabegjan.

(ledhang = leledhang ; tumrap wong mlaku)



284. Lengkak-lengkok ora wurung ngumbah popok ( Pb)

Bocah wadon mengkak-mengkok emoh ditari rabi. Wusana gelem semu

kepeksa lan klakon anak-anak.



285. Lidhah sinambung (Bs)

Pawarta utawa khabar kang timbal-tumimbal, gethok tular.



286. Lodho-lodho walang sangit nggendhong kebo (Bs)

Katone ora duwe akal ala, jebul julig banget.



287. Lukak apapak (Pb)

Wong bodho ambege kaya wong pinter.

(ambege = patrape ; solahe ; gayane )



288. Lumpat kidang (Pb)

Ora kanthi urut kacang, ana sing diliwati.



289. Lungguh ngedhangkrang kaya dhalang sila tumpang (Pp)

Lungguhe katon angkuh.



290. Luput cinatur (Pc)

Wis ora perlu dicatur maneh merga wis cetha alane.

(dicatur = digunem)



291. Luput suwuk (Pb)

Wis ora kena dituturi.



292. Lurung buntung (Pb)

nDakwa durjana (maling) ora bisa nggoleki.



293. Luwih rupa kurang candra (...)

Isih luwih endah rupane sing dicandra tinimbang karo olehe nyandra.



294. Mada kawongan (Pb)

Nacat nanging ing batin isih seneng.



295. Madal sumbi (Pb)

Madoni prentah ora tumuli nindakake pakon.

(pakon =prentah)



296. Madal wicara (Pb)

Madoni dhawuh.

(wicara = omong )



297. Madu balung tanpa isi ( Bs )

Ngrembug perkara sepele nganti regejegan.



298. Macan guguh (Bs)

Wong gedhe senajan wis ilang panguwasane nanging isih medeni.

(guguh = ompong )



299. Maju ewuh mundur kepaluh ( Pb)

Yen sedyane (karepe) diterusake bakal nemoni ora kepenak,

nanging yen diwurungake uga bakal ngalami kapitunan.

(paluh = blethokan ; jeblogan )



300. Malang-malang kaya andha, menthang-menthang kaya gandhewa (..)

Memalangi ; ngalang-alangi.



301. Malik bumi (Pb)

mBalik ngeloni mungsuh.



302. Malik tingal (Bs)

Nyelaki keyakinane, mari olehe setya suwita banjur ngeloni mungsuh.



303. Maling aguna (Pb)

Wong ala sing pinter banget nandukake pialane.

(nandukake = ngecakake )



304. Maling atma (Pb)

Maling sing ngarah pati.



305. Maling nebu sauyun (Pb)

Wong saomah ala kabeh.

(nebu sauyun = kaya wit tebu sadhapur; sagrombol )



306. Maling sadu (Pb)

Wong ala sing tindak-tanduke katon becik.

(sadu = utama ; suci )

(tindak-tanduke kaya wong suci,jebul wong ala)



307. Maling sandi (Pb)

Nindakake panggawe ala nanging ora ngetarani.

(sandi = winadi ; sinamun ; sinamar ).



308. Maling totos (Pb)

Benggole maling ; gegedhuge maling.

(totos = jejunggul utawa lelurah sing diwedeni)



309. Mambu kulit daging (Pb)

Isih kepernah sedulur.



310. Mambu-mambu yen sega (Pb)

Senajan ala wong isih sedulur.



311. Manuk mencok dudu pencokane ; rupa dudu rupane (Pc)

Barang kang nyalawadi.



312. Mantu mbata rubuh (Pb)

Mantu luwih saka siji dibarengake.



313. Mata yuyu (Et)

Gampang nangis ; gembeng.



314. Matang tuna numbak luput (Pb)

Kabeh panjangkane ora kaleksanan (ora klakon).

(watang = tumbak tanpa lelandhep ; genter ; kayu prebatang)



315. Mbalung usus (Bs)

Kekarepane kendho-kenceng ; ora ajeg.



316. Mbeguguk ngutha waton (Pb)

mBangkang prentah.

(mbeguguk = mbegogok )



317. Mbondhan tanpa Ratu (Bs)

Tumindak sasenenge dhewe, ora perduli marang anane angger-angger.

angger-angger = pranatan (pranatan lumrahe digawe dening Ratu utawa pangarsane

Negara). Bondhan = arane joged utawa beksan. mBondhan = jejogedan seneng

nganggep kaya wis ora ana Ratu ; kaya wis ora ana angger-angger.



318. Mburu kidang lumayu (Bs)

Ngarah barang kang mokal bisane kena.



319. Mbuwang rase oleh kuwuk (Pb)

mBuwang sing ala malah oleh sing luwih ala.

(kuwuk = kucing alasan )



320. Menang akal karo okol (...)

Kapinteran luwih unggul tinimbang karo karosan.



( Ana candhakle )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar