321. Menangi gajih ( Pb)
Menangi kepenake, ora melu nglakoni rekasane.
menangi = nemoni = ngalami
322. Meneng-meneng ngandhut kreneng (Pb)
Katone ora apa-apa nanging batine duwe niyat.
(kreneng = panci rantang kanggo ngirim isi sega,lawuh-sayur.
Katon primpen isine ora katon, kaya wong duwe niyat
sing sumimpen ing jrone ati.
323. Menthung koja kena sembagine (Pb)
Rumangsa bisa ngapusi, nanging sejatine dheweke sing kapusan.
koja = sodhagar (pedhagang ) bangsa Indhu.
sembagi = kain weton manca (import)
Cethane, saka rumangsane bisa ngapusi sodhagar Indhu kuwi,
ora ngertiya sembagi duweke dhewe kena diapusi koja.
324. Midak ilat (Pb)
Kurang ajar.
325. Midak supata (Pb)
Nerak wewalere dhewe.
(supata = sumpah )
Padha karo nerak sumpahe dhewe, nerak wewalere dhewe.
wewaler = larangan
326. Mikul dhuwur mendhem jero (Bs)
Agawe kuncarane asmane wong tuwane.
Cethane : Apike wong tuwane kudu dipikul dhuwur, yen ana
alane wong tuwa, alane kudu dipendhem sing jero, dilalekake,sukur
melu dijalukane sepura marang Pangerane.
327. Milang tatu (Pb)
Ngetung lan nggetuni kaluputane.
(milang = ngetung)
328. Mirong kampuh jingga (Pb)
Madeg kraman ; mbalela ; mbrontak.
mirong = ngemulake kampuh (jarit) ing pundhak terus nutupi
awake. (Ukara ksb uga sok dijangkepi tembung : mbondhan tanpa
ratu, dadi : Mirong kampuh jingga, mbondhan tanpa ratu sing ya
padha tegese,yaiku : nedya mbalela, madeg kraman ; mbrontak marang
Ratu sing ngerehake.
329. Mitra kinulit daging (Pb)
Mitra wis manjing dadi sedulur.
manjing = mlebu ; lumebu ; rumesep (meresap).
330. Miyak wangkong ( Pb)
Ngandhakake wewadine liyan.
wangkong = tangkepane bokong
Maksude : wewadi sing primpen kaya ing cepitane bokong sing ndhelik
kok diwiyak (dibukak) dikandhakake uwong.
331. Mrojol selane garu (Pb)
Bisa oncat saka bebaya sing wis meh tumiba.
Katrangan :
Garu sing ana untune, nggarut lemah lan isih ditumpaki sing nggaru, apa
wae sing kena lakune garu wis mesthi keterak. Kok ana sing bisa
mrojol, luput saka lakune garu. Iku dening embah-embahe wong Jawa
sing ngripta paribasan iku, kena kanggo sanepane wong sing bisa
oncat sumingkir saka bebaya sing wis meh tumiba.
332. Mubra-mubru blabur madu (Pb)
Sarwa kecukupan ing sakabehe.
blabur = alabur = berlabur.
333. Mulur nalare (Et)
Bisa nggagas landhung.
334. Mumbul-mumbul kaya tajin (Pb)
Atine tansah lunja-lunja, ora kena diendhakake.
tajin = banyu ing liwet sing wis umob.
lunja-lunja = lunjak-lunjak seneng banget.
diendhakake = dipenggak
335. Nabok nyilih tangan (Bs)
Namakake panggawe ala sarana kongkonan.
336. Nampel puluk nebak wong mangan (Pb)
Nyenyongah rejekine liyan njalari rejekine liyan iku
dadi wurung.
337. Nandur pari jero (Pb)
Gawe kabecikan mbokmenawa anak-turune bisa nampa piwalese.
338. Nandur wiji keli (Pb)
Ngopeni turune wong becik, mbokmenawa ing tembe ana piwalese.
339. Nangung mloroting wuwung owahing sirap (Pb)
Nanggung yen ora bakal nemu cilaka utawa kapitunan.
340. Napuk rai (Bs)
Gawe wirang ing pasamuan (pajagongan).
341. Ndhupak apus kependhem (...)
Ngelingake perkara kang wis sirep.
342. Negara gedhe obore padhang jagade (Pb)
Sakehing prakara ditliti priksa kanthi adil.
343. Ngabangake kuping (Pb)
Agawe muring.
344. Ngadhep celeng boloten (Bs)
Srawung karo wong sing ala watake.
boloten = reged.
345. Ngajak ora omah (Pc)
Ngajak bubrah.
346. Ngamuk punggung (...)
Ngamuk kaya ngamuke wong bodho sing nekat tanpa petung.
347. Ngandel tali gedebog (Bs)
Percaya marang wong sing ora sentosa budine.
348. Ngandhut godhong randhu (Pb)
Guneme lunyu mencla-mencle.
Cethane : godhong randhu yen digeceg, demekane pancen lunyu.
349. Ngangsu apikulan warih (...)
Golek ilmu wis sangu dhedhasare ilmu iku.
warih = banyu
350. Ngatonake siyunge (Bs)
Ngatonake panguwasane.
351. Ngaup awar-awar (Pb)
Suwita wong mlarat uatawa wong sing ora duwe panguwasa.
352. Ngidak geni blubukan (Bs)
Nemu cilaka saka kurang pangati-atine.
geni blubukan = geni wawa campur awu.
353. Ngebuk wong meteng (Bs)
Ambegsiya banget ; sawenang-wenang.
354. Ngebun-ebun enjang ajejawah sonten (Ws/ Wangsalan)
Nyuwun rabi ; nglamar
Cethane :
bun wayah esuk arane awun-awun
udan wayah sore arane rarabi
tembung awun-awun kedhapuk dadi tembung : nyuwun
tembung rarabi kadhapuk dadi tembung : rabi
355 .Ngelem legine gula (Bs)
Ngalembana wong gedhe utawa wong pinter.
356. Ngemut legine gula (Bs)
Dititipi barang, dielongi mbaka sethithik, dijaluk ora diwenehake
jalaran ngrasakake enak.
357. Ngenteni timbule watu item, ngenteni kereme prau gabus (Pb)
Ngarep-arep barang sing mokal kelakone.
(watu item = watu antep sing rupane ireng)
358. Nggajah elar (Bs)
Kumalungkung ; sombong ; gumedhe.
359. Nggantung untu (Pc)
Wis kepengin banget memangan.
360. Nggayuh-nggayuh luput ( Pb)
Kang dijangka ora klakon.
(Ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar