e, dayohe teka
e, gelarna klasa
e, klasane bedhah
e, tambalen jadah
e, jadahe mambu
e, pakakna asu
e, asune mati
e, buwangen kali
e, kaline banjir
e, buwangen pinggir.
Tembang iku wis ana ing jaman cilikanku, tahun 1950, malah bisa uga wis ana wiwit aku durung lair. Iku klebu tembang dolanan bocah sing kulina ditembangake dening bocah-bocah cilik jaman biyen, ora beda tembang Ilir-Ilir ; Sluku-Sluku Bathok, Jamuran lan sapanunggalane kang uga aran tembang dolanan.
Senajan bener arane tembang dolanan, nanging tembang iku ora beda kaya kang wis dadi lageyane mBah-mBahe wong Jawa,yen gegaweyan ora mung saangger nanging ana maknane kang kinandhut .Maksude piye, maknane apa, kaya ora kaweruhan awit ora ana sing ngucapake. Malah sing ngarang tembang iku sapa, ya ora dingerteni. Anane wis dadi tembang apalane bocah saka gethok-tular, turun-tumurun, ora beda sastra lesan. Anak turune wong Jawa sing nduweni kawigaten, banjur mikir-mikir, nggagas-nggagas, nggrayangi isi kang dikarepake dening sing ngripta tembang iku. Siji lan sijine wong bisa beda-beda enggone negesi,, gumantung ing kadewasane pikir lan pengalamane dhewe-dhewe.
Ukara larikan dhuwur dhewe nyebutate anane dhayoh sing teka. Sing dikarepake dhayoh iku sapa utawa apa? Tekane dhayoh mesthi mawa karep. Hiya karep iku sing disanepakake dhayoh. Sing duwe omah ya wis tanggap marang tekane dhayoh iku nganti gupuh enggone arep nggelarake klasa.
Nanging sing duwe omah, bareng weruh klasa sing digelar bedhah, dadi kelingan jadah sing karepe kena kanggo nambal klasa. Jadah dijupuk, ndadak jadahe mambu. Jadah senajan mambu, ana rasa eman dibuwang, kelingan asune, arep dipakake asune. Mangan jadah mambu, asune mati. Dadi mikir asune sing mati. Weruh asu mati, salin pikirane kelingan kali. Asu mati terus dibuwang menyang kali. Wis tekan kali kok ndilalah kaline banjir, dadi owah maneh pikirane, mikir kali sing banjir. Kepiye enggone arep mbuwang asune sing mati yen kaline banjir?
Saka nitik telung bab sing sarwa ala iku mau : bedhahe klasa, jadah mambu lan bathang asu bisa uga mujudake pasemon tumrap alane sing duwe omah. Katon enggone ora duwe tatacara, ketekan dhayoh sing maune wis digelarake klasa arep ditemoni ,kok malah kaya lali marang dhayohe saka molah-malihe pikirane, solan-saline sing dipikir,lali marang pikirane sing dhisik.
Tembang iku isi kritik marang wong sing ora nduweni pikiran madhep marang karepe ing sakawit. Yen butuhe madhep nemoni dhayoh, ya nemoni dhayoh. Umpama ing sajrone nemoni dhayoh duwe pikiran liya, ya kudu sing ana sambungane karo dhayohe. Umpamane, aba marang bojone diakon nggodhogake wedang, utawa metu menyang warung golek rokok kanggo suguh dhayoh.. Ora kok solan-salin pikiran sing ora ana sambunge karo dhayohe.
Iku ya ora beda karo wong sing nyaleg. Karep sepisanan sing ana ing pikire, kepengin dadi anggota DPR, makili rakyate. Salaku-lakune tekan sakehing apa sing dipikir, ya kudu ana sambunge karo kepentingane rakyat sing diwakili. Ora kok bareng weruh dhuwit kandel, dadi minger- mlenceng karepe, salin sing dipikir, lali marang karepe sing sakawit nalika nyaleg. Rakyate dadi kele-kele, ora beda dhayoh kuwi mau, ora direken saka wis owah pikirane sing duwe omah.
Sing dadi guru , salaku-lakune ya kudu tansah ana sambunge karo enggone madeg dadi guru. Satindak-tanduke ya kudu bisa dadi patuladhan. Arep misuh, kok ora adoh saka muride, ya diulu maneh, eling enggone sok nuturi muride ora pareng misuh. Kok diajak main kertu kancane ing pajagongan, ya becik ora , kelingan enggone kesampiran drajat guru, sok nuturi muride aja sok main judhi.
Nanging ing jaman saiki, golek panutan utawa pimpinan sing teguh imane ,sing tansah kenceng tekade tumuju ayahan sing disangkul, angel. Racake, kaya sing wis padha disumuripi ing ngakeh, ya kaya ukarane tembang : E, Dhayohe Teka kuwi mau. Akeh sing lakrak suwek kaya klasa bedhah. Akeh sing kaya jadah mambu. Akeh sing kaya asu. Entek-entekane, akhire, asu mati ora kajen dadi bathang banger, dibuwang menyang kali (*)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar