Kedadeyane cepet banget.
Kasep kaweruhan uwong.
Pacul lan clurit kebacut ngokop getih.
Getihe Rakim.
Getihe Sulkan.
Kekocor ora mampet-mampet.
Uga perkarane ora mampet tekan semono. Rakim mbledig Sulkan sing mlayu ngoncati karo klengakan ngiwa nengen kaya kepengin ngumpet ,nanging ora ana grumbul utawa omah sing kena dienggo ndhelik. Sajrone isih lumayu diuber Rakim ana wewujudan sing ora diweruhi sangkane. Jleg nganglah ana ngarepe nganti meh wae ketabrak . Dedege gedhe dhuwur ireng, pengkuh sentosa. Pantes dijaluki pangayoman, mengkono pikire Sulkan sing nuli nylingker ing mburine. Dene Rakim kanggeg enggone ngoyak saka dialang-alangi lan diswarani wewujudan iku.
"Iki ana perkara apa?"
"Ahhh...! Aja nyampuri urusanku!" wangsulane Rakim sereng.
"Urusan apa?"."
" Nyingkira! Aja ngaglah ngalang-alangi. Menus kuwi kudu mati saka tanganku! Ayo diterusake! Ijen padha ijen! Huh! Wanimu mesthi ngamping, ora wani adu arep. Mesthi golek bala kanggo dekeng!"
"He! Kok isih ngangseg mampang-mampang?! Apa kowe rumangsa menangan dhewe?! Rumangsa sing paling bener dhewe?! Hiya?! Perkara apa, aku takon! Kok rembugku ora direwes!" swarane bantas gumleger kaya mbelah langit njalari Rakim mundur nratap saka kagete.
Weruh Rakim mundur wedi, Sulkan sing nyawang Rakim tumuli mlengos, ninggal esem pangece kaya wis nicil seneng rumangsa oleh wong sing kena dilajuki pangayoman. Sing rumangsa diece bali muntab, mencolot ngrangsang nanging banjur dialang-alangi maneh dening sing gedhe dhuwur ireng iku, kanthi gunem " Yen kowe ngotot ra kena takpenggak, ya...,kena koktutugake olehmu gelutan. Nanging mengko yen kowe menang, kowe kudu ngadhepi aku. Saguh?!"
Ditanting mengkono Rakim mengkeret. Nyawang dedeg lan pengkuhing awake ing ati wis miris. Mripate mentheleng ngemu cahya landhep nggeterake.
"Aku ora tau rumangsa dadi wong menangan. Malah aku kalah terus saka mlaratku. Nanging ing bab iki dheweke sing salah. Malah dheweke sing macul cengelku," tembunge Rakim.
"Kowe dhisik sing mbabitake cluritmu!" bantahe Sulkan.
"Nanging yen kowe ora nggerongi lemahku, edan apa yen aku ngamuk tanpa sebab!" wangsulane Rakim nggepok undheraning prakara sing gawe muringe. Banjur noleh marang sing gedhe ngaglah sarta mbacutake rembuge," "Iku sebabe yen sampeyan pengin ngerti. Dheweke nggerongi lemahku. Kena sampeyan deleng yen sampeyan pengin ngurus. mBokmenawa sampeyan wong sing bisa ngadili benere tanpa pamrih."
"Maksudmu?"
"Netepake endi sing bener, ora kok mbenerna sing salah merga oleh opah."
"Aku ora tau mikir sing jenenge opah lan ya ora arep ngadili perkarane wong."
Krungu tembung mengkono Sulkan mlenggong awit ing dheweke ngajab bisaa sing gedhe pengkuh iku saguh mbetengi dheweke. Nitik rembuge sing kaya ora kena dienggo sumendhe njalari Sulkan nglokro, cuwa atine.
" Ora kok aku seneng ngajak gelut, aturan sing ana ya tau takturut. Lapur Lurah bab lemahku sing digerongi ora uwis-uwis. Nanging Lurah, uga Camat sing taklapuri , kandha yen ngurus lemah ora gampang. Kudu nekakake pegawai agraria. Jare kudu aku sing nyangga ragade ngukur merga aku sing gugat. Wragade nganti puluhan ewu. Saka endi olehku dhuwit, selagine barangku sing mbejaji ya mung lemah sailat sing digerongi menus iku. Apa lemahku ora malah kadol taknggo ragad ngurus? Aku ora wani yen mburu uceng kelangan deleg. Lha kok menus elek kuwi tambah ndadra. Iki mau diambali maneh nggone nggerongi lemahku. Apa aku kudu meneng wae? Coba aku kandhanana, kudu piye caraku ngukuhi barang darbekku?"
"Ngko sik! Aja omong dhewe ngecepres. Aku ya bisa omong," pamunggele Sulkan nyaut rembug. "Ngeten perkawise..., "Sulkan sumambung ditujokake sing gedhe ngaglah iku." Siti kula ingkang tunggal galeng kaliyan siti gadhahipun mriku, sami-sami siti warisan saking tiyang sepuh. Nanging rumiyin, jaman alitan kula, tiyang sepuhipun mriku nggerongi sitinipun tiyang sepuh kula menika. Menapa lepat menawi kula wangsulaken kados suwaunipun?"
"Yen bener mengkono, apa kowe ngerti sepira lemahe wong tuwamu sing biyen digempal?"
" Suwaunipun ketingal kenceng,menika titikanipun. Kok lajeng ketingal mencos sanget. Mila nggih lajeng kula kencengaken malih. Mriku nek mboten trimah kajengipun gugat, kula mboten ajrih."
"Engkresmu rak merga dhuwitmu kandel. Wani tombok, isin yen kowe kalah perkara. Apa kokkira aku ra ngerti ulat-ulitmu neng ndhuwuran?!" semaute Rakim.
" Nek kowe ruh tenan sapa sing taksogok, unekna, sapa? Nyogok Lurah? Nyogok Camat? Nyogok Wedana?"
" Nek aku wis ngarani, sapa sing mboksogok, terus mbokadulna, ngono ta?! Kareben aku dikecrek polisi dadi perkara, dianggep mitnah. Ngono ta karepmu?!" pandumuke Rakim.
"Ya ra ngono. Wani muni ya kudu ruh tenane!"
"Wis takkandhakane ing ngarep, aku ora arep ngadili perkarane wong. Nanging ana sing bakal ngadili perkaramu, dudu aku."
" Wis ora ana gunane dirembag-rembug nganggo diadili. Sing menang ora wurung ya sing wani tombok. Wong mlarat kaya aku iki nduwene mung okol.. Nek wis pol, entek sabare, ya takbacok. Kesuwen. Yen aku diukum merga mateni wong , wis takanggep lumrah, mateni wong mlebu penjara, wis samesthine. Sakora-orane, yen wis taklakoni ukumane, ora bakal ditagih ukuman ing ndonya sing wis taklakoni."
"Ora ana adiling - adil ing ndonya, ing lumahing bumi. Bumi kang mubeng, isih terus mubeng lan isih terus nggoncangake isen-isene tumuju marang karusakan. Kabeh isen-isene bakal rusak, kaya kae, sawangen, kae sing klebu rusak dina iki, " tembunge karo nuding sawenehing papan sing adoh dununge.
Nanging senajan adoh, Sulkan lan Rakim bisa nyawang cetha pernahe papan sing dituding. Katon cetha anane rubung-rubung ing pategalan, ngrubung raga loro sing nglemprak adus getih dadi layon. Kekarone uga weruh wira-wirine sawetara polisi lan ya weruh batih-batihe sing nangis ndrengungung.
Getih isih terus mili kekocor, metu saka cengele Rakim kang ketaton dhisik saka luput enggone mbabitake clurite. Nanging sadurunge Rakim rubuh kepacul cengele, isih kewagang mbabitake clurite. Clurit landhep nancep ing lempenge Sulkan sarta banjur disendhal, nglekrek weteng lan ana ususe Sulkan sing pedhot keganthol.
Weruh ragane gilang-gilang kekarone lagi sadhar sarta banjur meneng. Kejaba sing gedhe dhuwur iku sing kumecap, nyuwara ," Iki dudu papan kanggo padudon. Mula kowe takpenggak aja ngrameni papan iki. Aja ngganggu swasana tentrem senajan kene iki isih adoh saka tepining katentreman. Nanging saka kene, kowe isih bakal weruh, sepira ambane lemah sing satemene mbokbutuhake. Selagine bumi kang mubeng, isih terus mubeng nggoncangake isen-isene. Kari sapa sing kuwat , bakuh ora kengguh godhaning ndonya sing banget mikat. Lagi kowe mengko weruh ing saenteke jaman, bakal kokadhepi adiling adil sing ora gonjing ing pangiming-iming."
Kekarone isih meneng.
Wewujudan ireng ilang saka pandeleng.
Anane kari ara-ara amba.
Tanpa tepi, jembar bawera.
Sulkan lan Rakim.
Kaya kapuk katiyup angin.
Ngawang.
Nglambrang.
Sowang-sowang.
....................
....................
..........................................(*)
(Jaya Baya, No. 2, tgl 14 Sept 1980).-
kena kanggo kaca benggala....menawa jaman saiki rebutan lahan antarane perusahaan karo rakyat
BalasHapus