Selasa, 09 November 2010

TEPA SLIRA

ORA kurang cacahe tembung-tembung Jawa sing   maknane mentes  kena kanggo ngasah rasa, nggegulang jiwa ing sajroning nepusi   urip kumpul karo wong akeh ing satengahe bebrayan. Tembung utawa ukarane ora mesthi yen dawa, kadhang sok cekak banget ,nanging wis ngandhut teges sing jero. Kanggone wong Jawa sing isih  nJawa, wis bisa  tanggap. Nanging kanggone wong Jawa sing  mentah, ora Jawa, ora dhong. Yen  teges siji-sijije tembung wae ora ngerti, kepiye bisane  njajagi njerone?
            Tepa slira saka rong tembung : TEPA lan SLIRA.
            Tepa tegese apa-apa sing kanggo ukuran. Slira tegese awak, badhan, dhiri priyangga (awake dhewe)
            Tepa slira  tegese , samubarang tumindak  diukur , ditepakake nganggo awake dhewe.
            Yen awake dhewe krasa lara dicethot, ya aja nyethot  uwong  jalaran larane wong  dicethot iku ya padha rasane kaya nalika awake dhewe dicethot uwong. Yen awake dhewe  mangkel  diina, ya aja ngina uwong. Yen lara atine  bojone dielus-elus uwong, ya aja ngelus-elus bojone uwong.

           Wong yen bisa tansah  eling kaya mengkono, bisa tepa slira ing sabarang tumindake, wis mesthi bakal slamet  slamet lan  bakal diasihi dening bebrayan saka enggone kanggonan budi  utama. Embah-embahe  wong Jawa  wis padha nduweni gondhelan, paugeran,saka piwulange nenek-moyange. Mung sarana awake sing dianggo ukuran kanggo tumindak kautaman. Ora saka sawuse maca buku-buku awit ing jaman kuna-makuna sing aran buku langka anane kejaba isih luwih akeh sing ora ngerti maca-nulis. Piwulang ing buku-buku kaya sing akeh ing jaman saiki, senajan arane isi piwulang suci, yen ora ana kesadharan kang jero ing  awake dhewe, ya muspra unine ukara. Ora beda akeh buku-buku prakara  hukum  sing dicetak, nanging  gelar nyatane malah saya akeh penggedhe  sing korup, nandhakake yen para penggedhe iku kurang  bisa  nggunakake awake kanggo ngukur ala lan becik.
             Anane wong bisa ngecakake  tepa slira saka manut pambisiking swara kalbu, ya swarane ati  kang wis digadhuhake dening Pangeran wiwit lair procot ing ngalam ndonya. Ing Islam, swara kalbu iku sinebut : insan kamil. Swara ati iku  ing salawas-lawase ora nate gelem goroh, tansah dumeling elik-elik yen wong mau arep tumindak kleru, nerak sarak. Dene kok nganti akeh sing padha  (seneng) tumindak luput, iku mung saka budheging kupinge  ora bisa ngrungokake swaraning  atine wis menging  elik-elik. Utawa  bisa uga wis  kepatuh emoh ngrungokake swaraning atine dhewe  saka banget petenge budine, ketutup-kebuntel  dening  hawa napsune sing ala. Ubaling hawa napsu  sing ala iku ora beda ubaling geni sing ngetokake kukus ireng. Yen tansah kumendheng, kukuse bisa mundhak-mundhak saya kandel nutupi budine. Saumpama kulit wis dadi ngapal. Kapale kulit yen kandel, diirisi ya ora krasa awit wism kaya mati rasane.
             Dadi, anane wong bisa tepa slira, ana sambung rapete karo enggone tansah ngunggu swaraning atine sing tansah ajak-ajak ing bebener. Yen bisa bener tumindake, kena kanggo tepa palupi, tepa tuladha. Palupi padha tegese karo tuladha, yaiku : conto. Pangajabing piwulang kautaman  sing uga wis populer dadi kembang lambe,  tinemu uga ana ing tembung kang ditujokake marang para pangarsa ,yaiku , bisoa :  Ing ngarsa sung tuladha. (Ngarsa = ngarep ; sung=asung, aweh  ; tuladha = conto ). Sing ana ing ngarep, para  penggedhe-pangarsane negara ,para pemimpin, tekan wakil-wakiling rakyat, bisoa kena kanggo patuladhan, aweh conto sing becik.
             Nanging apa  wis padha netepi ukara iku?
            Apa wis padha bisa tepa slira?
            Yen duwe dhuwit, duwe bandha, emoh  dicolong uwong, apa ya emoh nyolong sing dudu duweke?[]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar