(1) ANA tembang Gathutkaca Edan sing dadi apalane bocah-bocah cilik ing jaman cilikanku biyen. Saben sore,wayah padhang rembulan, padha ngumpul ing plataran. Nembang werna-werna sing diapali karo keplok-keplok. Uga nembang tembang dolanan Gathutkaca Edan kanthi ukara kaya mengkene :
Gathutkaca edan, Gathutkaca edan,omahe mplek-emplekan
Kidul-kidul kono, kidul-kidul kono, ana lintang mbar-umbaran
Taksumpingi apa, taksumpingi apa, taksumpingi godhong tela
Godhong tela alum, godhong tela alum, klambi sutra benike atum.
Gathutkaca iku ,ing crita wayang purwa, anake Werkudara patutan karo Dewi Arimbi. Merga Dewi Arimbi iku raseksi (buta wadon),anake prabu Arimba (ratu buta) ing Pringgondani, mula Gathutkaca ya duwe siyung ora beda buta,senajan rupane Gathutkaca bagus,nggantheng. Mula sirikane Gathutkaca, ora gelem ngguyu, wedi yen siyunge katon disawang,bisa katon ala delenge. Bagus njlonet kok tibake duwe siyung.
Kaluwihane Gathutkaca sing sekti mandraguna, bebasan : otot kawat,balung wesi, kulit tembaga, driji gunting.Yen perang,nguntir sirahe mungsuhe nganti pothol gulune. Kasektene sing ngedab-edabi iku,jalaran ing nalikane isih cilik aran jabang Tetuka, diuncalake menyang Kawah Candradimuka dening para Dewa ing Kayangan. Gemludhug ing kawah jroning banyu panas molak-malik, diuncali sawernane gegaman dening para Dewa.Sawernane gegaman luluh dadi jladren manjing ing kulite ,ing otote,ing balunge,ing sungsume Tetuka. Mula kasektene kagila-gila. Anane para Dewa nggodhog Tetuka ing kawah Candgrdimuka kareben sekti mengkono iku, kanggo ngadhepi buta Patih Sekipu sing ngrusak Kayangan. Klakon Sekipu mati sawuse nguntal Tetuka sing dianggep sepele, awit ing njero weteng, Tetuka ngamuk ngrusak perangane awak njero wetenge Sekipu, tekan medhoti ususe, mbategi jantunge.
Saka banget senenge Dewa marang Tetuka bisa ngalahake Patih Sekipu, dening Dewa pinaringan anggon-anggon Kotang Antakusuma sing kena kanggo mabur ngambah gegana.Mula tembunge,Gathutkaca iku bisa mabur tanpa elar, bisa mletik tanpa sothang.
Nanging ing pakeliran wayang purwa, ora ana lakon Gathutkaca Edan kaya unine tembang dolanan iku mau.Nanging kok embah-enbahe wong Jawa ngripta tembang kaya mengkono? Yen iku tembang pasemon, pasemon sing kepiye? wis dadi watak-wantune mbah-embahe wong Jawa, yen ngarang tembang utawa crita, wujud pasemon.
(2) Gathutkaca edan, Gathutkaca edan, omahe mplek-emplekan
Kidul-kidul kono, kidul-kidul kono, ana lintang mbar-mbaran
Gathutkaca,prajurit sing kulina perang, bisa ngambah gegana, cedhak karo lintang-lintang (bintang-bintang).Tembung lintang mbar-umbaran, tegese (tumindake) umbar-umbaran sakarepe dhewe. Gegana, awang-awang, papane ana ing ndhuwur, ya dununge para pangarsane negara sing dununge ana ing ndhuwur,pejabat elit, pejabat atas, pejabat berbintang .Omahe Gathutkaca mplek-emplekan, tegese, iku omah mewah sing gedhe njeggarang. Ora beda kaya omah-omah tingkat sing bangunane ngrentep katon kaya nemplek-nemplek. Ruang, lawang-lawang, lan wuwungane ya katon akeh, tundha-tundha (bertingkat-tingkat) mujur ngalor-ngidul lan ngetan.
Gathutkaca sing edan iku, disumpingi godhong tela. Godhong tela anane ing desa-ngadesa, ya papan-dununge kawula cilik . Malah dening kawula cilik,godhong tela iku ya dadi perangane pangane, dienggo kulupan utawa disayur.
Rakyat,wong ngisoran sing weruh edane Gathutkaca, malah saya ngremehake,nyumpingi kupinge nganggo godhong tela. (Nyumpingi = nyenthelake ing ndhuwur cepitane kuping). Mula ukarane : Taksumpingi apa,taksumpingi apa,taksumpimngi godhong tela.Godhong tela alum, godhong tela alum,klambi sutra benike atom.
Sumpingan godhong tela sing wis alum,garing, katon saya dadi lan alane,saya digeguyu dening sing wis padha ngremehahe. Klambi sutra,klambi saka kain sing becik, larang regane. Ora beda kaya sandhangane para pejabat berbintang,sing katon apik,gumebyar. Tembung sandhangan sing tegese anggon-anggon, uga bisa ditegesi nyandhang drajat-pangkat. Nanging emane,sandhangan sutra sing becik iku, kok benike mung saka atum.
Ing jaman biyen, sing diarani atum iku plastik,saiki. Biyen,samubarang digawe saka logam,yen saka atum dicacat ala. Mengkono uga benik klambi sutra, saka bahan logam warna kuning keemasan.Klambi sutra kok benike atom,ala swawangane. Mula trep banget ukara pasemon ing tembang dolanan Gathutkaca Edan iku. Duwe sandhangan becik, cacat benike ala. Pancen lagi edan, ora weruh ing ala. Tekan dipoyoki, digeguyu, meneng wae kaya ora nanggapi. Pancen lagi edan,ora waras, ya ora isin kupinge sumpingan godhong tela garing.
(3) Nanging ing prang Baratayuda, Gathutkaca sing dilepasi panah senjata Kunta dening Narpati Basukarno,bisa mlesat mendhuwur kethip-kethip , ngendhani lepase panah ampuh sing ngoyak-ngincer Gathutkaca. Saka banget adoh lan dhuwure enggone mabur, sabenere panah iku wis saya alon plesate, kaya ora kuwat mbacut. Nanging saka adiling lelakon, lakune panah iku disurung dening arwahe Kala Bendana nganti tumancep ngenani Gathutakaca, dadi lan patine Gathutkaca. Ing kono Gathutkaca wis ginaris kudu ngundhuh wohing pakartine saka enggone tau mateni Kala Bendana sing isih bapa pamane dhewe ing praja Pringgondani. Utang pati nyaur pati, wis dadi adiling lelakon sing ora kena diselaki.
Ya mengkono iku laku jantraning urip, ora wayang, ora menungsa,jalaran jagading wayang iku simboling jagat uriping menungsa. Gathutkaca-Gathutkaca sing lagi padha edan ing ndhuwur iku, wis mesthi hiya bakal padha ngunduh wohing pakarti edane. Kapan tekane bebendu, dadi kekeraning jagad. Nanging mesthi, lawas utawa enggal, wis mesthi bakal ngenani.*
Matur nuwun Dhe, nambah ngetingalaken taksih sanget cetheing seserepan kulo lan nyuwun palilahipun badhepun copy
BalasHapus