Minggu, 28 November 2010

ING SISIHE BUMI KANG MUBENG

           Kedadeyane cepet banget.
           Kasep kaweruhan uwong.
           Pacul lan clurit kebacut ngokop getih.
           Getihe Rakim.
           Getihe Sulkan.
           Kekocor ora mampet-mampet.
           Uga perkarane ora mampet tekan semono. Rakim mbledig Sulkan sing mlayu ngoncati karo klengakan ngiwa nengen kaya kepengin ngumpet ,nanging ora ana grumbul  utawa omah sing kena dienggo ndhelik. Sajrone isih lumayu diuber Rakim ana wewujudan sing ora diweruhi sangkane. Jleg  nganglah ana ngarepe nganti meh wae ketabrak . Dedege gedhe dhuwur ireng, pengkuh sentosa. Pantes dijaluki pangayoman, mengkono pikire Sulkan sing nuli nylingker ing mburine. Dene Rakim kanggeg enggone ngoyak saka  dialang-alangi lan diswarani wewujudan iku.

Senin, 22 November 2010

E, DHAYOHE TEKA

e,  dayohe teka
e,  gelarna klasa
e,  klasane bedhah
e,  tambalen jadah
e,  jadahe mambu
e,  pakakna asu
e,  asune mati
e,  buwangen kali
e,  kaline banjir
e,  buwangen pinggir.

          Tembang iku wis ana ing jaman cilikanku, tahun 1950, malah bisa uga wis ana wiwit aku durung lair. Iku klebu tembang dolanan bocah sing kulina ditembangake dening bocah-bocah cilik jaman biyen, ora beda tembang Ilir-Ilir ; Sluku-Sluku Bathok, Jamuran lan sapanunggalane kang uga aran tembang dolanan.

Minggu, 21 November 2010

CERITA PENDEK

           Dalam buku Prinsip-Prinsip Dasar Sastra, tulisan Prof. DR. Henry Tarigan Guntur, penerbit Angkasa, Bandung, 1986, dapat disebutkan secara lebih ringkas, apa yang disebut cerita pendek. Semoga tulisan  singkat ini bermanfaat untuk yang berminat belajar  menulis cerpen.      
          Apa yang disebut cerita pendek?
          Sulit sebenarnya membuat batasan yang tepat dan memuaskan mengenani istilah cerita pendek atau short story. Namun demikian bisa diterakan beberapa difinisi atau pendapat dari beberapa penulis mengenai cerita pendek.
          Henry Scidel Camby, mengatakan," Kesan yang satu dan hidup, itulah seharusnya hasil dari cerita pendek." Sedangkan penulis lain, Ellery Sedgwick, mengatakan bahwa, " cerita pendek adalah penyajian suatu keadaaan tersendiri atau suatu kelompok keadaaan yang memberikan kesan  tunggal pada jiwa pembaca. Cerita pendek tidak boleh dipenuhi dengan hal-hal yang tidak perlu."

Selasa, 09 November 2010

TEPA SLIRA

ORA kurang cacahe tembung-tembung Jawa sing   maknane mentes  kena kanggo ngasah rasa, nggegulang jiwa ing sajroning nepusi   urip kumpul karo wong akeh ing satengahe bebrayan. Tembung utawa ukarane ora mesthi yen dawa, kadhang sok cekak banget ,nanging wis ngandhut teges sing jero. Kanggone wong Jawa sing isih  nJawa, wis bisa  tanggap. Nanging kanggone wong Jawa sing  mentah, ora Jawa, ora dhong. Yen  teges siji-sijije tembung wae ora ngerti, kepiye bisane  njajagi njerone?
            Tepa slira saka rong tembung : TEPA lan SLIRA.
            Tepa tegese apa-apa sing kanggo ukuran. Slira tegese awak, badhan, dhiri priyangga (awake dhewe)
            Tepa slira  tegese , samubarang tumindak  diukur , ditepakake nganggo awake dhewe.
            Yen awake dhewe krasa lara dicethot, ya aja nyethot  uwong  jalaran larane wong  dicethot iku ya padha rasane kaya nalika awake dhewe dicethot uwong. Yen awake dhewe  mangkel  diina, ya aja ngina uwong. Yen lara atine  bojone dielus-elus uwong, ya aja ngelus-elus bojone uwong.

Bothekan (10)

511.  Tumbak cucukan (...)
          Dhemen wadul.

512.  Tumbu oleh tutup (Bs)
         Oleh bojo sing padha wewategane, trep, cocog.

513.  Tumenga sepa, tumungkul sepi (Br)
         Ora ana sing dijagakake.
         tumenga  = nyawang mendhuwur

514.  Tumplak ponjen (Pb)
         Mantu anak ragil, utawa uga ateges entek babarpisan.
         tumplak     =   srah-srahan utawa upacara mantu anak ragil
         ponjen       =  kanthongan wadhah jamu.

         (upacara tumplak ponjen mbutuhake wragad sing akeh banget
         nganti sakehing dhuwit ing kanthongan kaya ditumplak entek).

Bothekan (9)

471. Satru ati (...)

       Satru batin ; satru sing ora ngetarani.


472. Satru bebuyutan (Pc)

        Satru turun-tumurun.


473. Satru munggwing cangklakan (Pb)

        Satru sing kacedhak.

       (Satru marang sedulur utawa marang kanca sapegaweyan).

       (munggwing = ana ing..)


Minggu, 07 November 2010

Bothekan (8)

421. Ora tedheng aling-aling (Pb)

        Blaka suta ; bares kures ; blak kotang terus-terang.


422. Ora tembung ora lawung (...)

        Nyilih barang ora nembung.


423. Ora thothok ora jawil (Bs)

        Ora wewarta marang wong sing pantes dijaluki rembug.

        wewarta = warta ; kabar


424. Ora uwur ora sembur (Bs)

        Wong tuwa sing ora menehi pawitan bandha marang anak lan uga ora menehi pitutur becik.

        uwur = 1) apa-apa sing disawurake.

                    2) nyebar wiji ing papagan utawa ing tegal.

      sembur = semprot kang metu saka cangkem, maksude : swara, pitutur.


Bothekan (7)

361. Nggayuh tawang (Pb)

        Njangka prakara kang mokal.

        tawang = langit


362. Nggedebog bosok (Bs)

        Wong kang ala rupane lan ya ala klakuane.


363. Nggedhekake puluk (Et)

        Nengenake memangan.


364. Nggegalak racak , menangi kemreki.

        Nggugah marang kekarepan kang ala.

365. Nggegem watu (Pb)

        Ngincim arep males.

Jumat, 05 November 2010

Bothekan (6)

321. Menangi gajih ( Pb)

Menangi kepenake, ora melu nglakoni rekasane.

menangi = nemoni = ngalami


322. Meneng-meneng ngandhut kreneng (Pb)

Katone ora apa-apa nanging batine duwe niyat.

(kreneng = panci rantang kanggo ngirim isi sega,lawuh-sayur.

Katon primpen isine ora katon, kaya wong duwe niyat

sing sumimpen ing jrone ati.


323. Menthung koja kena sembagine (Pb)

Rumangsa bisa ngapusi, nanging sejatine dheweke sing kapusan.

koja = sodhagar (pedhagang ) bangsa Indhu.

sembagi = kain weton manca (import)


Cethane, saka rumangsane bisa ngapusi sodhagar Indhu kuwi,

ora ngertiya sembagi duweke dhewe kena diapusi koja.

Bothekan (5)

261. Ketonjok blolok (Bs)

Nyatur ala, ora ngerti yen wong sing dicatur ana ing kono.


262. Ketula-tula ketali (Pb))

Uripe tansah ngalami ora kepenak, kerep sengsara.


263. Kineban lawang tobat (...)

Wis ora bisa oleh pangapuraning Alah.



264. Klenthing wadhah masin (Bs)

Wong sugih, senajan wis mlarat meksa isih lumayan uripe.


Bothekan (4)

202. Kacang ora ninggal lanjaran (Bs)

Klakuane anak padhatan ora adoh saka klakuane wong tuwane.



203. Kajenanga, kaebora (Pb)

Arep dikapakane ,mangsa bodhoa awit wis dipasrahake.



204. Kakehan gludhug kurang udan (...)

Mung kakehan janji thok, mung omong thok.



205. Kakehan pawon (Pb)

Bola-bali ngalih omah.



206. Kalah cacak menang cacak (...)

Sabarang gawe perlu dijajal utawa dinyatakake luwih dhisik.

(cacak = jajal = coba )



207. Kandel kupinge (Pb)

Ora duwe isin.

(Senajan kupinge krungu tembung ora pantes, meksa ora isin)



208. Kandhang langit kemul mega (Br)

Wong tanpa asal paran ; wong mbambung utawa wong sing mblayangan

mrana-mrana ora duwe papan panggonan.

Tembunge : :omahe ya langit (kolong langit), kemule (yen turu) mega.



209. Kapiran kapirun, gaga ora matun, sapi ora nuntun (Pb)

Kapirun, ora kepanduman apa-apa.



210. Karoban saksi (Pb)

Wis akeh wong sing meruhi, nyekseni panggawe ala.

(karoban = kebyukan akeh)



211. Kasep lalu wong meteng sesuwengan (Bs)

Kasep banget.

(Nalika isih prawan ora suwengan, bareng wis meteng lagi suwengan. Mangka

miturut adat Jawa, wong sing lagi ngandhut ora kena kesangsangan penganggon

saka emas, gelang, kalung, suweng, ali-ali dicopoti kabeh).



212. Kawruhe jero tapak meri (Et)

Kawruhe cethek banget.



213. Kawuk ora weruh marang salirane (Bs)

Nacad marang liyan, ora ngerti menawa awake luwih ala tinimbang

sing diwadoni (sing dicacat).

(kawuk = samubarang kang ala saka wis lawase).



214. Kaya asu karo kucing ( Bs)

Ora bisa rukun.



215. Kaya banyu karo lenga (Pb)

Sedulur sing ora bisa raket.



216. Kaya Cina craki (Bs)

Cethil banget.

(craki = cethil )



217. Kaya dhalang kurang sajen (Pp)

Wong guneman sing semune kurang greget.

( greget = semangat )



218. Kaya jambe sinigar (..)

Padha rupane, kaya wong kembar.



219. Kaya jangkrik mambu kili (Pp)

Tandange wong ngamuk sing waringuten.



220. Kaya kethek ditulup ( Bs)

Lingak-linguk merga bingung, ora ngerti apa sing bakal ditindakake.



221. Kaya kinjeng tanpa soca (Bs)

Blasuran tiondake merga ora ngerti tata.

(soca = mripat ; kaya kinjeng tanpa mripat = nabrak=nabrak)



222. Kaya mimi lan mintuna (Pp)

Tansah reruntungan, rukun banget prasasat ora tau pisah.

(mimi lan mintuna, arane uripuripan lanang-wadon sing urip ana ing

banyu pinggir segara, tansah reruntungan ora tau pisah)



223. Kaya orong-orong kepidak (...)

Cep klakep, meneng dadakan.



224. Kebat kliwat gampang pincang (...)

Tumindak kesusu wusana nemu tinemu salah.



225. Kebanjiran segara madu (Pb).

Oleh kabegjan kang gedhe.



226. Kebo bule mati setra (Bs)

Wong pinter sengsarab uripe,jalaran ora ana wong sing mbutuhake kepinterane.



227. Kebo ilang tombok kandhang (Pb)

Kelangan barang digoleki ora ketemu, malah kelangan wragad

kanggo nggoleki.



228. Kebo kabotan sungu (Bs)

Rekasa uripe jalaran kakehan anak nganti ora bisa ngragadi anak-anake.



229. Kebo lumumpat palang (Bs)

Ngadili perkara sing ora manut undhang-undhange negara.



230. Kebo mlaku dipasangi (...)

Wong sing njaluk digawekake.



231. Kebo mulih menyang kandhange (Bs)

Pangkat sing oncat saka sawijining waris, pamburine pangkat iku bisa bali

menyang waris iku maneh.

Utawa : wong sing nalika isih enom nyambutgawe ing papan adoh,

bareng wis tuwa banjur bali menyang tanah papan klairane, papan

asal-usule.



232. Kebo mutung ing pasangan (Bs)

Nggarap pegaweyan durung rampung, wegah nerusake.



233. Kebo nusu gudel (Bs)

Wong tuwa njaluk warah anak utawa marang wong enom.



234. Kebo sapi dikeluhi, yen wong dikandhani (...).

Manungsa iku cukup diereh nganggo tembung.



235. Kecik-kecik yen wudhu (...)

Ana ing pajagongan, sethithik- sethithik yen melu omong.

kecik = arane isi sawo

wudhu = (melu) tombok yen carane wong main, ngabotohan.

Yen ing pajagongan, ya melu tombok gunem, swara, melu omong.



236. Keduwung nguntal wedhung (Pb)

Nggetuni perkara sing wis mungkur.

(wedhung = saemper pangot utawa peso sing pucuke lancip)



237. Kegedhen empyak kurang cagak ( Bs)

Kegedhen panjangka, kurang kepinteran.



238. Kejugrugan gunung menyan (Bs)

Oleh kabegjan kang gedhe.



239. Kekudhung walulang macan (Pb)

Lumrahe sok diucapake luwih singkat : kudhung lulang macan.

Nganggo aling-aling wong kuwasa supaya kaleksanan sedyane.

(sedyane = karep tujuane)



240. Kelacak kepathak (..)

Ora bisa mukir merga wis kebukten.



241. Kendel ngringkel, dhadhag ora godag (Pb)

Ngakune kendel jebul kuwalahen.



242. Kendhile nggoling (...)

Kecingkrangan ; kurang pangan.



243. Kendhit mimang kadang dewa (Bs)

Kalis ing bebaya.

( mimang = oyot ringin sok dienggo srana panulaking bebaya k anthi

dikendhitake/disabukake ) Maksude : enggone kalis saka bebaya

kaya-kaya wis kendhitan mimang lan ya dadi kadange Dewa.



244. Kepalu ketutu (....)

Kapitunan luwih saka sawarna.

(luwih saka sawarna = luwih saka siji )



245. Kepaten obor (...)

Kelangan lacak aluraning sedulur.



246. Kepaten pasaban (Pb)

Kelangan papan pangupajiwa.



247. Kepergok pager suru (Bs).

Nemu reribed dadakan.



248. Keplok bokong (...)

Nyuraki wong kasangsaran.



249. Keplok ora tombok ( Pb)

Melu seneng-seneng ora melu kelangan wragad.



250. Kere munggah bale ( Bs)

Wong asor didadekake priyayi.



251. Kere nemoni Mulud (Pb).

Memangan kanthi dhokoh ninggal tata.



252. Keri tanpa, pinecut (Pb)

Merga rumangsa nindakake penggawe ala, atine wis sumelang

senajan ora didakwa.



253. Kerubuhan gunung (Pb).

Nemu kesusahan gedhe.



254. Kesandhung ing rata, kebenthus ing tawang (Pb)

Nemu bebaya sing ora dinyana-nyana

(rata = papan kang rata ; tawang = awang-awang )

Ing papan rata kok bisa kesandhung? Ing awang-awang kok

bisa kebenthus?



255. Kesasaban tapih (Pb).

Priya (wong lanang ) sing kalah prabawa karo bojone.

(kesasaban = ketutupan ).

kesasaban saka tembung lingga (kata dhasar) 'sasab' sing uga ateges : menang

kesasaban tapih bisa ditegesi sing menang tapih.

tapih = jarit ; jarik (kain penganggone wanita).





256. Ketepang ngrangsang gunung (...)

Wong sekeng (mlarat) darbe panjangka gedhe.



257. Kethek saranggon ( Sl)

Wong ala sagrombolan.



258. Ketiban awu anget (Bs).

Ora ngerti apa-apa didakwa.



259. Ketiban ndaru (...).

Oleh kabegjan kang gedhe banget.

(ndaru = pulung = wahyu kabegjan )



260. Ketiban tai baya (Bs)

Kena ing dakwa, ditarka (didakwa) nindakake panggawe ala.



(Ana candhake)



Cathetan :

Apa sing takaturake iki olehku nglumpukake saka buku-buku lawas lan buku anyar. Nanging ora mesthi ana ketrangan sing jangkep, klebu paribasan, bebasan, saloka apa liyane. Mulane ing samburine ukara ana sing takkosongi kanthi tandha (...). Iku takpasrahake marang panjenengan, pemaos, kepiye enggone menggalih kanthi wis takaturi cathetan ing ngarep , apa sing disebut Paribasan, Bebasan, Saloka, Sanepa, Panyandra, Pepindhan lan sapanunggalane.(*)

Bothekan (3)

151. Ganti watang (...)
Ganti pegaweyan.

152. Gantung kepuh (...)
Ora duwe sandhangan kanggo salin.

153. Garing-garing anggere garang ( Pb)
Senajan mlarat nanging aja nganti ngisin-isini.
( garang = katon gagah)

154. Gedhang apupus cindhe ( Bs)
Kabegjan kang elok banget.
(cindhe ; kain sutra abang motif kembang-kembang)

155. Gedhe dhuwur ora pangur ( Bs)
Wis dewasa durung ngerti tatakrama

156. Gedhe endhase ( ..)
Kumalungkung ; gumedhe ; angkuh.

157. Gemblung jinurung, edan kuwarisan ( Pb)
Ugal-ugalan nanging tansah slamet.
(gemblung = gendheng ; edan )

158. Geni pinanggang (( Bs)
Lagi nesu tampa wewadul, saya mundhaqk nesune.

159. Gentho tlesor ( Pb)
Wong ala nyenyolong ing paran.
(gentho = maling )

160. Glathik sakurungan (Bs)
Wong-wong sing wis golong-gilig.

161. Gliyak-gliyak yen tumindak ( ... )
Senajan kanthi alon, yen terus ditandangi, suwe-suwe mesthi
bakal rampung.

162. Glundhung semprong ( Pb)
Wanita nalika wiwit bebrayan karo priya ora nggawa apa-apa.

163. Giri lusi janma tan kena ingina (Pb)
Cacing wae bisa nggremet tekan pucuk gunung, apamaneh manungsa,
saya ora kena disepelekake.
(giri = gunung ; lusi = suket ; janma = wong ; tan = ora )

164. Golek klimising lambe ( .. )
Golek suguhan.

165. Gong lumaku tinabuh (Bs)
Kumudu-kudu ditakoni.

167. Gong muni sasele (Bs)
Mriksa perkara lagi ngrungokake guneme wong siji, wong
sijine durung ditakoni.
(sasele = sasisih)

168. Greget-greget suruh (...)
Nesu nanging ora kawetu.

169. Gudhang rempelas (...)
Pinter ngapusi.

170. Gumembrang ora adang (... )
Mung anggras thok.
Mung nggetak thok sarana swara.

171. Gupak pulut ora mangan nangkane (Pb)
Melu kangelan ora melu ngrasakake pituwase.
(pituwase = asile )

172 Guru aleman (...)
Seneng dialembana.

173. Guru Bakal (Br)
Samubarang kang isih wujud bakal, durung dadi dandanan. Kayadene :
mas lantakan ; kapuk ; kayu ; wesi lan sapanunggalane.

174. Guru dadi (Br)
Samubarang kang wis dadi dandanan, kayadene : gelang, kalung, jarit, kursi
lan sapanunggalane.

175. Guru lagu (...)
Dhong-dhinge swara ing pungkasane tembang Macapat.
(macapat = tembang cacah 9 , yaiku : kinanthi ; pucung; asmaradana ; mijil ;
maskumambang ; pangkur ; sinom, dhandhanggula ; durma ).

176. Her gung raja manung (Bs)
Sing sugih, sing berbudi.
(her = banyu ; gung = agung )

177. Her mina kata (...)
Nungsung pawarta ; njaluk kabar.
(her = banyu ; mina = iwak ; kata =pangucap, ujar, gunem ).
(Kaya iwak ing banyu sing tansah obah lambene, kaya lambene
wong tetakon).
Yen ing crita pewayangan, sing ajeg takon mengkono iku Dursasana marang
bapa pamane,Harya Sangkuni, patih praja Hastina, sawuse Sangkuni mundur saka
pasewakan ( sawuse ngadhep Ratu). Ing pagelaran njaba ,wis dipapag Dursasana
sakadang Kurawa" ha ha ha ha ha ha....,her mina kata, Man. Nungsung pawartos,
menapa ingkang dipun rembag. Ha ha ha ha..."



178. Holobis kuntul baris (...).
Sengkut gumregut maju bebarengan.

179. Idu didilat maneh (Bs)
Njabel kesaguhan kang wis dijanjekake.

180. Idu geni (Bs)
Klakon saguneme.

181. Ila-ila wong tuwa malati (...)
Ngestokake kandhane wong tuwa.

182. Ilang-ilangan endhog siji (Pb)
Tekad-tekadan kelangan anak siji ora dadi apa,
yen anak iku ora manut wong tuywa.

183. Isih amba jangkahe. (...)
Isih aqkeh sing dijangka ; isih bisa njangka sing muluk-muluk
jalaran umure isih enom.

184. Isih mambu kulit (Pb)
Isih klebu sedulur.

185. Iwak klebu wuwu (Bs)
Kena diapusi kanthi gampoang.
Utawa : nemoni bebaya kang wis ora bisa ngoncati.

186. Jajabang mawinga-winga (Cd)
Raine mengangah abang kaya kembang wora-wari saka banget nesune.
(winga = katon abang mbranang tumrap rai ; mawinga-winga = banget abang ).


187. Janma mati murka (Pb)
Wong cilaka merga saka murkane.

188. Jaran krubuhan empyak (Pb)
Wis kanji banget
(kanji = kapok ; jinja ; trauma )

189. Jati ketlusuban ruyung (Bs)
Golongane wong becik-becik ketlusuban (klebon) wong ala.
(ruyung = rerungkutan bangsane glagah alang-alang luwih gedhe)

190. Jembar dhadhane (Et)
Sabar.

191. Jembar kawruhe (Et)
Akeh ilmune.

192. Jembar kubure (Et)
Mlebu swarga ; diapura kabeh dosane.

193. Jembar segarane (Et)
Sugih pangapura.

194. Jenang dodol tiba wedhi (Bs)
Rembug wis dadi banjur ana sing njalari jugare.
(jugar = buyar ; wurung ; ora sida )

195. Jumambak manak jumebang meteng (Pb)
Wong wadon kang sugih anak.
(Saben rambute anake wayah jumambak , kena dicambak, duwe anak maneh.
Saben anake maneh iku rambute wis jumebeng, wis wiwit weteng maneh.
Jumebeng = wayah ngarepake jumambak ).

196. Jun lokak kocak (Bs)
Wong sing ora akeh kawruhe, sok dhemen umuk.

197. Jurang grawah ora mili (Bs)
Katone loma nanging cethil.

198. Kabegjan kebrayan (...)
Sugih donya, sugih anak.

199. Kadang kadeyan (...)
Sanak sedulur ; kadang warga.

200. Kadang katut (...)
Dadine kadang karo wong liya jalaran ana sedulure sing
dialap bojo dening wong liya mau.

201. Kadang konang (Bs)
Sing diaku sedulur mung sing sugih.

(Ana candhake)

Bothekan (2)

51. Becik ketitik ala ketara (Pb)
Klakuan kang becik utawa ala mesthi bakal katon dhewe.

52. Belo melu seton (Bs)
Wong sing mung anut grubyug.
(seton = watangan ing dina Setu)
(watangan = latihan tumbak-tumbakan)

53. Beras kutah arang mulih takere (Bs)
Pawarta kang wis sumebar ora bisa bali wutuh.

54. Berbudi bawa leksana (Br)
Seneng weweh lan netepi janjine.

55. Bisa njara langit (Pb)
Pinter banget.
(jara = bur cilik kanggo ngebur kayu).

56. Bisa njaring angin {Pb)
Pinter banget. Bisa ngrampungi pegaweyan sing wong liya ora bisa nindakake
awit saka angele.

57. Blaba wuda (Pb).
Merga saka banget lomane nganti awake dhewe kecingkrangan.

58. Blilu tau pinter durung nglakoni (Pb)
Senajan bodho nanging bisa nindakake jalaran wis dadi pegaweyane.
(blilu ; balilu = bodho)

59. Bocah wingi sore (Pb)
Wong dewasa isih dipadhakake bocah jalaran isih enom.

60. Bolu rambatan lemah (Bs)
Perkara sing embet-embetan, ora ana rampunge.
(bolu = arane tetuwuhan lan wohe sing mrambat lemah).


61. Bung pring petung (Bs)
Bocah sing wlagang banget, gelis gedhe.

62. Bungahe kaya wong nunggang jaran ebeg-ebegan (Pb)
Bungah banget.
(jaran ebeg-ebegan = jaran kepang )

63. Busuk ketekuk pinter keblinger (Pb)
Wong bodho lan wong pinter padha cilakane.

64. Bubuk oleh leng (Bs)
Duwe karep ala oleh dalan ala,saya olehe ngangseg saka senenge.
(bubuk = arane kewan bangsane thether sing mangan kayu)

65 . Byung-byung tawon kambu (Bs)
Wong pirang-pirang grudag-grudug merga kelu marang pawarta.

66 . Cablek-cablek lemut (Pb)
Ora tau nindakake pegaweyan abot nanging penak banget uripe.

67 . Cacah cucah caturan karo dhangkling (...)
Eman-eman caturan karo wong gendheng, marakake ora kajen.

68 . Cangkem gatel arang mingkem ( ...)
Seneng nyatur ala.

69. Cangkem karut (...)
Nggragas, apa-apa doyan.

70. Cangkem lunyu ( Pb)
Ora kena dipercaya guneme.

71. Cangkem rusak godhong jati krasa opak ( ,,,)
Barang kang sejatine ora patut dipangan, meksa dipangan.

72. Cangkem urab-uraban (...)
Seneng ngunen-uneni nganggo tetembungan sing saru.

73. Car-cor kaya kurang janganan (Pb)
Guneman sing ora patut , saru.

74. Caruk banyu (...)
Gedhe cilik, ala lan becik dianggep padha.

75. Ceblok alu (Pb)
Giliran.

76. Ceblok kangkung (Pb)
Bakul sing nawakake dagangane kanthi mundhak-mundhak.

77. Cebol nggayuh lintang (Bs)
Tangeh bisane kaleksanan.

78. Cedhak kebo gupak ( Bs)
Sesrawungan karo wong ala watege.

79. Cegah dhahar lan guling (br)
Tirakat ngurangi mangan lan turu.

80. Cengkir ketindhingan kiring (Bs)
Arep omah-omah kepeksa durung bisa jalaran sedulure tuwa durung
omah-omah , arep nglangkahi ora wani.
(kiring = krambil tuwa kang garing)

81. Cincing-cincing meksa klebus (Pb)
Niyate ngirit, malah ngorot, malah entek akeh ragade.

82. Ciri wanci lelahi ginawa mati (Pb)
Kelakuan ala marine yen wonge wis mati.
(lelahi = lelewa )

83. Cocak nguntal elo (Bs)
Panjangka kang nglengkara kelakone.

84. Colok lintang (Br)
Lelungan wayah bengi tanpa obor.

85. Criwis cawis ( Pb)
Dikongkon tansah madoni nanging gelem tandang.

86. Cumbu laler (...)
Watege ora antepan, sok minggat.

87. Cuplak andheng-andheng yen ora pernah panggonane ( Bs)
Sedulur utawa kanca sing njalari ala prayoga disingkirake.

88. Dadi kembang lambe (..)
Tansah digunem.

89. Dadiya banyu emoh nyawuk (...)
Emoh.

90. Dadiya dalan emoh ngambah (...)
Emoh sapa aruh.

91. Dadiya godhong emoh nyuwek (...)
Emoh.

92. Dagang tuna andum bathi (Bs)
Gawe kabecikan lumantar wong liya.

93. Dahwen pati open ( Pb)
Nacad supaya wong liya ngemohi, perlune barang sing dicacat iku
arep diepek dhewe.

94. Dawa ilate (Pb)
Seneng golek pangalembana sarana madulake alane liyan.

95 . Dawa-dawa ula (...)
Rembugan nganti kedawa-dawa.

96 . Demang ngiras tangkilan (Bs)
Tamu ngiras dadi pladen.
(tangkilan = sowan ; seba ngarsane Ratu )

97 . Desa mawa tata, negara mawa cara (Pb)
Siji-sijine panggoinan nduweni adat tatacara dhewe.

98. Dhadhap ketuwuhan cangkring (Bs)
Perkara becik ana sing njalari ala.
(cangkring = arane wit kaya dhadhap sing uwite ana erine )

99. Dhalang krubuhan panggung ( Bs)
Wong kang kandheg guneme jalaran keweleh.

100. Dhalang ora kurang lakon (Pb)
Wong ora kurang akale.

101. Dhalang opah-opah ( Bs)
Wis rekasa malah tombok.

102. Dhayung oleh kedhung ( Bs)
Duwe karep alam oleh dalan.
(dhayung = welah kanggo nglakokake prau)

103. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan (...)
Tansah slamet,ora ana sing nganggu gawe.

104. Dhengkul iket-iket ( Bs)
Wong bodho didadekake pengarep.
(lumrahe merga isih sedulur).

105. Dibeciki mbalang tai (Bs)
Dibeciki malah males ala.

106. Dicuthat kaya cacing (Pb)
Ditundhung kanthi degsiya banget.

107. Digarokake dilukokake kaya kebo dhebleng (Bs)
Diakon nyambutgawe abot lan prasasat ora bisa ngaso.

108. Digebyah uyah (...)
Dianggep padha wae.

109. Digembol ora mrojol, dibuwang ora kemrosak (Pp)
Pepindhane kawruh utawa ngelmu.

110. Digetak angop (Bs)
Didhawuhi nindakake pegaweyan sarana dadakan.

111. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk (...)
Diopeni becik lan diweleg panganan.


112. Dikena iwake aja butheg banyune (Bs)
Bisaa kena nanging aja nganti gawe gendra.

113. Dipalangana mlumpat, didhadhunga medhot ( Pb)
Wong sing wis ora kena dipenggak kekarepane.

114. Disosog ing ujar (...)
Diune-uneni ala.

115. Diulungake endhase digandhuli buntute ( Bs)
Ing lair rila, ing batin owel.

116. Diuyah asemi ( Pb)
Ngalembana luwih saka samesthine.

117 . Diwenehi ati ngrogoh rempela (Bs)
Diwenehi kalonggaran isih kurang trima.

118. Dolanan ula mandi (Pb)
Njarag nindakake apa-apa sing mbebayani.

119. Dudu berase ditempurake (Bs)
Udhu rembug sing ora cocog karo bab sing lagi dirembug.
Utawa : aweh wangsulan sing ora cocog karo ptakonane.
(ditempurake =diedol )

120. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan ( ...)
Senajan wong liya nanging yen nganti nemoni ora kepenak ya dibelani.
Utawa : uga bisa ateges bojo.

121. Dudutan oleh anculan (Bs)
Wong loro wis kethikan.
(weden manuk ing sawah sarana didudut)

122. Dugang mirowang (Pb)
Maune ngrewangi, wusana malih dadi mungsuhe.
(mirowang = mitulungi ; ngrewangi)

123. Durga ngangsa-angsa ( Pb)
Wong angkara murka.

124. Durung kebak keselak jujul (Bs)
Durung pinter wis pamer.

125. Durung ilang pupuk bawange (Pb)
Isih dianggep durung dewasa.

126. Durung ilang pupuk lempuyange ( Pb)
Isih cilik.

127. Durung pecus wis keselak besus (Pb)
Kawruh durung sepiroa wis keselak rabi.
Utawa : durung bisa golek pangan wis wani rabi.

128. Dreman oleh momongan ( Pb)
Wis akeh tanggungane ndadak nindakake apa-apa njalari saya
wuwuh tanggungane.
(dreman = wong wadon sing sugih anak)

129. Edom sumurup ing banyu (Bs)
Tindak sing alus ora ngetarani,dadi telik sandi.
(telik sandi = mata pita = mata-mata )

130. Eduk sandhing geni (Pb)
Gampang nuwuhake perkara.

131. Emban cindhe emban siladan ( Bs)
Pilih kasih , ora padha pangrengkuhe siji lan sijine.

132. Empol pinecok ( Pb)
Gampang banget.

133. Emprit abuntut bedhug (Bs)
Perkara sepelke dadi gedhe

134. Endhas gundhul dicukur ( Bs)
Wis ora nduwe ndadak diapusi.

135. Endhas gundhul dikepeti ( Bs)
Wis kepenak isih dikepenakake maneh.

136. Endhas digawe sikil, siki digawe endhas (Pb)
Golek pangan kanthi rekasa.

137. Enggak-enggok lumbu ( Pb)
Mung manut marang ombyake liyan.

138. Enggon Cina didoli dom (Bs)
Wong pinter diumuki.

139. Enggon welut didoli udhet (Bs)
Wong pinter diumuki kepinteran.
(udhet = anak welut ; welut cilik )

140. Entek golek kurang amek (...)
Nguman-uman wong sakatoge, tembunge ora ana enteke.

141. Entek jarake ( Pb)
Entek kasugihane.

142. Entek ngomah entek ngalas (...)
Entek sakabehe, ora ana sisane.

143. Enthengan bau (...)
Seneng tetulung rumagang gawe.

144. Enthengan tangan (...)
Cengkiling ,seneng mara tangan ; seneng milara.

145. Esuk kedhele sore tempe (...)
Guneme mencla-mencle.

146. Gagak nganggo elare merak (Bs)
Wong cilik sing uripe,panggonane lan sapanunggalane kaya wong gedhe.

147. Gajah marani wantilan (Bs)
Njarag marani kacilakan.
(wantilan = cagak kanggo nyencang gajah)

148. Gajah ngidak rapah ( Bs)
Wong kang nerak wewalere dhewe.
(gegodhongan utawa rereged kang mblasah ing lemah)

149. Gambret singgang merkatak ora ana sing ngopeni (Bs)
Prawan kenes ora ana sing nglamar jalaran ora ana priya sing seneng
ngalap bojo.
(gambret = singgang sing kapndho tumrap pari)

150. Gandane arum jamban (Sn)
Banger banget.
(jamban = pakiwan ; padusan ngiras kakus)

(Ana candhake )

Bothekan (1)

ING taun 1997, aku ngumpulake Paribasan, Bebasan, Sanepa lan sapanunggalane sing niyatku arep takterbitake dadi buku. Niyatku mbukokake uga ateges melu nguri-nguri amrih paribasan tinggalane leluhur iku ora kebacut ilang kesilep, ora beda kaya bangsane bumbon pawon sing kasimpen ana ing bothekan, ora ilang, mula rancangan buku kasebut takwenehi judhul BOTHEKAN. Nanging merga saka angele golek badhan penerbit,nganti saiki naskah kasebut isih ngangkrak.
Paribasan lan sapanunggalane tinggalane leluhur Jawa akeh sing wis ora dingerteni dening anak turune wong Jawa. Endi sing aran paribasan lan endi sing bebasan, saloka, sanepa lan sapanunggalane, ora ngerti pilah-pilahe. Racake wong kojah, digebyah uyah yen kabeh rupa paribasan. Kanggo mbedakake siji lan sijine, ing pungkasane ukara takwenehi tandha. Paribasan (Pb) ; Bebasan (Bs) ; Saloka (Sl); Sanepa (Sn) lan liya -liyane.

01. Abang-abang lambe (Pb).
Samudana ; lelamisan.

02. Abot anak tinimbang telak (Pb).
Luwih merlokake kaperluane anak tinimbang keperluane dhewe.

03. Adhang-adhang tetesing ebun (Pb)
Ngarep-arep paweweh sing durung karuwan tekane.

04. Adigang , adigung, adiguna (Pb)
Adigang : ngendelake kekuwatane.
Adigung : ngendelake kaluhuran lan kapinterane.
Adiguna : ngendelake panguwasane.

05. Adol lenga kari busike (Pb)
Dum-duman ora komanan dhewe.

06. Aji godhong jati aking ( (Pb)
Tanpa aji babarpisan.
( aking = garing )

07. Akal bulus (Pb)
Ngapusi kurang julig, gampang dingerteni dening wong sing arep diapusi.

08. Akal koja (Pb)
Ngapusi kanthi cara sing alus banget.
(sodhagar bangsa Indhu)

09. Akeh sandhungane (Et)
Kerep oleh alangan.

10. Aling-aling katon {Pb)
Arep nyelaki kaluputan,konangan saka tingkah lan guneme dhewe.

11. Aluwung kalah wang tinimbang kalah wong (Pb).
Aluwung kapitunan nanging prawira,tinimbang oleh kauntungan nanging nistha.

12. Ana bapang sumimpang (Bs)
Nyingkiri reruwet.
(bapang = blalag, njepapang mawa cagak dipaku ing pinggir dalan dienggo
tenger jenenge dalan utawa jenenge desa ).

13. Ana catur mungkur ( Pb)
Emoh ngrungokake rerasane liyan kang kurang prayoga.
( catur = gunem )

14. Ana dhaulate ana begjane (Pb)
Ana ungup-ungupe bakal nemu kabegjan nanging kabegjan iku ora sida teka.

15. Ana dina ana upa (Pb)
Wong sing ora nguwatirake pangan.

16. Anak anung anindhita ( (Br)
Anak sing linuwih tanpa cacat.

17. Anak polah bapa kepradhah (Pb)
Wong tuwa nemu reribet saka tingkah-polahe anak.

18. Anak-anak timun ( Bs)
Ngepek anake liyan,bareng wis gedhe diepek bojo.

19. Ancik-ancik pucuke eri ( Pb).
Ora kepenak atine ; tansah kuwatir.

20. Anggenthong umos (Bs).
Ora bisa nyimpen wadi.

21. Anglong jiwa (Br)
Katon saya kuru awake merga sedhih.

22. Angon iriban (Pb)
Angon wayah.

23. Angon ulat ngumbar tangan ( Pb).
Maspadakake ulate liyan,arep dikutil barange.

24. Anguk-anguk kubur (Pb)
Wis meh mati.

25. Anteng kitiran (Sn)
Esreg banget ora bisa meneng.

26. Apik kemripik nancang kirik (Pb)
Laire katon apik nanging batine ala.

27. Arep jamure emoh watange (Pb)
Gelem kepenake, emoh kangelane.
(watang = kayu prebatang = batang kayu papan uripe jamur)

28. Asrah jiwa (Br)
Masrahake pati uripe.

29. Asu arebut balung (Bs)
Regejegan perkara sepele.

30. Asu belang akalung wang (Bs)
Wong asor nanging sugih.

31. Asu gedhe menang kerahe ( Sl)
Wong kuwasa yen orakara \n karo wong cilik padhatan menang senajan
wong kuwasa iku kudune kalah jalaran luput.

32. Atangga macan (Pb)
Tetanggan wong sing ngangkah rusake liyan.

33. Ati bengkong oleh oncong ( Pb)
Wong ala oleh kanca ala, utawa : duwe karep ala banjur oleh dalan
sing ora prayoga.
(oncong = oncor ; obor ; urubing peni).

34. Atine metu wulune ( Pb)
Tuwuh drengkine ; tuwuh panastene

35. Atine momot ( Et)
Atine sabar banget.

36. Awak pendhek budi ciblek (Bs)
Wong asor kang uga asor budine.

37. Bacin-bacin iwak ala-ala sanak (Bs)
Senajan ala wong isih sedulur,yen sengsara ya ora mentala.

38. Baladewa ilang gapite ( Bs)
Tanpa daya jalaran ilang kekuwatane.

39. Bali menyang kinjeng dome (Bs)
Wong cilik dadi wong gedhe,wusana dadi cilik maneh.
(kinjeng dom = kinjeng cilik saedom )

40. Bandha bau (Pc)
Mung pawitan bau, tanpa kepinteran.

41. Banyu pinerang ( Pb).
Pasulayane (tukarane) sedulur enggal rukun maneh.

42 .Banyu sinaring ( Pb)
Tansah ngati-ati ngulatake budine liyan.

43. Bapa kesulah anak kepradhah ( Pb)
Anak wajib tanggunbg jawab marang perkarane wong tuwane sing
wis mati, nyauri utange lan sapanunggalane.

44. Bathang gajah ( Bs)
Wong gedhe sing wis ilang panguwasane.

45. Bathang lelaku ( Bs)
Wong ijen sing ngambah dalan sing mbebayani.

46. Bathang ucap-ucap ( Bs)
Wong loro ngambah dalan sing mbebabayni.

47. Bathok bolu isi madu (Bs)
Wong asor nanging sugih kepinteran.
(bathok bolu = bathok wadhah jamu jaman biyen)

48. Bau kapine ( Bs)
Ora padha pangrengkuhe ; pilih kasih.

49. Bebek diwuruki nglangi (Bs)
Wong pinter diwuruki.

50. Bebisik nguwuh-uwuh ( Bs)
Arep rempit marang wadi nanging solah bawane ngetarani
njalari kewiyak wadine.
(bebisik = omong alon ; bisik-bisik )

Senin, 01 November 2010

SADUMUK BATHUK,...

           Embah-embahe wong Jawa, marisake paribasan (peribahasa) Jawa akeh cacahe sarta apik-apik ukarane. Ora mung saangger gawe ukara, nanging tatanane ukara banget digatekake tekan guru lagu  (ritme ; irama ) .Dhong-dhinge swara  lagu ( bunyi) ditata amrih kepenak dirungu. Contone ing ukara paribasan iki :
1. Kebo ilang, tombok kandhang. (  ang - ang )
    (Kelangan barang digoleki  ora ketemu,malah kelangan ragad kanggo nggoleki).

2. Lengkak-lengkok,  ora wurung ngumbah popok. ( ok - ok )
    (Ditari rabi maune emoh-emoh, sidane malah gelis duwe anak).

3. Buntel kadut, ora kinang ora udut. (ut - ut)
    (Nyambut gawe borongan, tanpa mangan tanpa wedang).

ANAK POLAH BAPA KEPRADHAH

            ING tulisan kang dhisik, wis taksebutake anane paribasan :   Anak polah bapa kepradhah  sing tegese : wong tuwa nemu reribet saka polahe anak. Ukara paribasan iku yen disemak saka siji-sijine tembung, sing  angel nggoleki apa tegese tembung  kepradhah awit tembung kepradhah iku wis ora kocap ing jaman saiki. Saumpama ana murid ing sekolahan sing takon marang gurune, "Kepradhah niku napa pak Guru, artinipun?"
           Wis mesthi gurune njondhil temenan, malah bisa uga terus  kemringet gulune. Nanging guru ora kurang akal, diwangsuli keri-keri sawuse gurune mbukak  Kamus basa Jawa ing kantor guru. Kuwi mau yen  ing sekolahan ana kamuse sing lengkap, ngemot tegese tembung kepradhah. Yen ora, gurune mesthi kethathalan ing njaba, takon-takon wong sing ngerti. Mangka yen ing jaman saiki,  akeh sing ora ngerti tembung-tembung Jawa lawas.       

Katrangan Ngenani Bothekan


          ING taun 1997, aku ngumpulake Paribasan, Bebasan, Sanepa lan sapanunggalane, cacahe ana 555 iji. Niyatku arep takterbitake dadi buku. Niyatku  mbukokake  uga ateges melu nguri-nguri amrih paribasan  tinggalane leluhur iku  ora kebacut ilang kesilep,  ora beda  kaya bangsane bumbon pawon  sing kasimpen ana ing bothekan, ora ilang, mula rancangan buku kasebut takwenehi judhul BOTHEKAN. Nanging merga saka angele golek badhan penerbit,nganti saiki naskah kasebut isih ngangkrak.
           Paribasan lan sapanunggalane tinggalane leluhur Jawa akeh sing wis ora dingerteni dening anak turune wong Jawa. Endi sing aran  paribasan lan endi sing bebasan, saloka, sanepa lan sapanunggalane, ora ngerti pilah-pilahe. Racake wong kojah, digebyah uyah yen kabeh rupa paribasan. Kanggo mbedakake siji lan sijine, ing pungkasane ukara takwenehi tandha. Paribasan (Pb) ; Bebasan (Bs) ; Saloka (Sl); Sanepa (Sn) lan liya -liyane.


Katrangan :
Paribasan (Pb)     :
Tetembungan  gumathok, ajeg panganggone kanthi teges wantah.

Bebasan (Bs)       :
Tetembungan gumathok, ajeg panganggone mawa surasa pepindhan kanggo madhakake pakarti utawa kahanane uwong.

Saloka (Sl)           :
Tetembungan wantah kasamun ing umpama, mawa surasa pasemon.

Sanepa (Sn)        :
Tetembungan mawa surasa mbagetake kanthi tembung kosok-balen.

Candra (Cd)        :
Tetembungan kanggo nyandra peranganing badhan, solah-bawa, kahanane alam, satriya, ratu lan sapanunggalane.

Entar (Et)           :
Tetembungan kiasan, dudu teges kang salugune.

Pacelathon (Pc) :
Tetembungan kanggo nyethakake apa wae kang lagi digunem.

Pepindhan (Pp) :
Tetembungan kang nyebutake apa-apa kanthi dipadhakake utawa katandhing karo barang liyane.

Basa Rinengga (Br) :
Tetembungan kang rinengga, engga dadi tetembungan kang edi-peni sarta becik mungguhing sastrane.