Senin, 30 Agustus 2010

GARA-GARA

AWEH conto iku luwih utama tinimbang mung omong apik,awit, akeh wong sing mung apik unine lambe nanging ora cocog karo tumindake. Mung kanggo abang-abang lambe, ora tumus tekan ing atine. Lamis aliyas MU...NA...FIK ! Nyatane padha ora nyontoni apik senajan dadi Tokoh Masyarakat, Pemuka Agama-Ahli Kitab. Dadi Pimpinan, dadi Pejabat, dadi wakil Rakyat,jas bukak iket blangkon, sama jugak,sami mawon. Ora kok ing Ngarsa Sung Tuladha,nanging ING NGARSA MUMPUNG KUWASA. Ora kok ing Madya Mangun Karsa,nanging ING MADYA NGGROOOOOOGOTI ARTA. Ora kok Tut Wuri Handayani,nanging TUT WURI HAMBUBUTI. Bubrah sakehing tata, gawe panas sumuke hawa satemah nuwuhake Gara-Gara !

.....................................
.....................................


GARA-GARA

Gara-gara yen diwalik unine Raga-raga. Tegese : Saya akeh menungsa sing mung mburu kanikmataning raga,kurang marsudiu marang alusing budi, tuntunaning Agami. Kitab Suci mung kanggo isen-isen lemari. mBuru kadonyan,ninggal kautaman. Mentalan,mburu kemewahan,kawibawan, kaluhuran, drajat-pangkat lan kamelikan.

Melik nggendhong lali,bandhane negara DIGROOOOOOTI! Dhuwite rakyat dibradhat, disikat, diembat.

Bangsat keparat, leletheging jagat.

Dadi garong, omahe magrong-magrong.
Dadi maling, methangkring
Dadi rampog. malah mongkog
Brandhal kecu, sugih mbrewu
Wong ngawur, makmur
Wong salah, mbregagah,bungah-bungah
Wong edan, bisa dandan

Koruptor mopyor, tumpakane montor,bebas murni ora diadili. Yen wong cilik negor jati sadriji, ngringkuk diukum telung sasi. Anak bojone nangis mbrebesmili, mangan wi gembili, raine pucet kurang gizi.


Gara-gara = goroh-goroh
Raga-raga = rogoh-rogoh



Gara-gara ora mendha, senajan wis 65 taun merdika, wong cilik isih panggah rekasa kaya dijajah Landa. Jaman Jepang didugang Jepang. Jaman merdika isih kelara-lara. Ratu ora kena digugu. Mantri-Bupatyi mung golek mukti. Reregan mundhak, wong cilik saya klenggak. Kesurang-surang keblegan utang.Pating bilulung, bingung kesandhung-sandhung,sikile mlenthung, gegere mlengkung. Kedengkek,ndheyek-ndheyek, gegere kaya cuklek.

Gara-gara ora rampung, malah saya kedlarung-dlarung. Sing kuwasa padha ngaji pumpung, kebak bandha tumpuk undhung. Pejabat lan wakil rakyat mung golek nikmat kanggo wong sakbrayat. Jamane wis kwalik-kwalik. Wong apik malah disirik. Wong suci : dibenci. Wong jujur : kojur. Wong lugu : keblenggu. Wong bares : ora direwes. Wong temen : ora direken.

Jaman bubrah. Wong mblangkrah malah disembah-sembah. Wong ala, dipuja-puja. Wong jahat diangkat-angkat,mundhak pangkat, mobile mengkilat, badhane sak-harat-harat... Sing mlarat saya kesrakat, kerja berat opahe ora murwat. Jaman edan kaya wis ara ana tatanan. Jaman rusak sakehing tatanan diterak-terak. Bubrah sakehing tata, beja-bejane sing lali, isih beja sing eling lan waspada.*

GAK JEGOS

JAM 10 bengi ing sawijing hotel, ana tamu lanang wadon sing tekane bareng. Mangka kamar kosong sing ana mung kari siji. Arep nulak salah siji atine ora mentala awit wong iku ya wis omong yen kabeh hotel liyane wis ora ana kamar kosong. Kepeksa sing duwe hotel nawakake cara yen padha disetujoni, yaiku , ranjang njero kamar sing anane mung siji, diwatesi guling tengahe, ora kena nglanggar menyang wilayah sing dudu wilayahe. Kekarone, tamu lanang wadon sing ora kenal iku manut, katimbang oleh enggon nginep.

Nalika padha mapan buk, omong-omong, lagi takon-tinakon, sapa jeneng endi omah lan arep menyang endi sesuke, awit enggone nginep mung suwengi. Sing wadon sing ngaku jeneng Atik, muni yen sesuk arep numpak sepur menyang Semarang." Sami menawi ngaten,mBah, kula nggih badhe nyepur ngilen, dhateng Cirebon," tembunge Wisnu, wong lanang iku, umur watara 40 taun.

Atik sing awake seger mbranyak, umure luwih enom sethithik. Ayu, rambute brintik. Awake padhet, singset, lambene dipulas abang manda-manda lan kladuk mandul-mandul dhadhane yen dienggo mlaku. Mung wae, mripate Atik pijer kethap-kethip. Glebagan ngiwa-nengen kaya angel turu. Miring, mengkurep, mlumah kaya ora kepenak kabeh. Wisnu sing bisa terus mak-seg, saka kesele.

Esuke, kekarone padha mlaku bareng menyang setasiyun sing pancen ora adoh saka hotel. Lagi wae munggah sepur, ndadak Atik muni yen dhompete keri ing hotel, ngisor bantal. Dene sing dienggo tuku karcis sepur iku mau, dhuwit recehahe ing njero sak, blas ora kelingan dhompete sing keri. Ora sranta Wisnu mencolot mudhun, mlayu sipat-kuping menyang hotel. Dhompete ketemu. Senajan napase kaya meh pedhot, isih bisa mlayu rikat, mbalik menyang setasiyun, wedi yen kepancal sepur. Sepure wis wiwit mlaku, Atik ngobah-obahake tangane karo bengak-bengok . Ora sranta pager sing dhuwure karotengah meter dilumpati Wisnu, mak-bleberrrrr...., ngoyak sepur awit yen ndadak liwat lawang peron akeh kerine.

Kanthi kangelan, Wisnu sing maune gandhulan sepur,bisa munggah. Nanging Atik malah mrengut enggone nampani dhompete sing diulungake.. Ora muni matur nuwun senajan Wisnu ya ora njaluk dimaturnuwuni, butuhe mung tetulung. Sawuse Wisnu aso napase, Atik sing lungguh kursi jejere, kumecap, " Lha hiya, nglumpati pager semana dhuwure,isa. Mlumpat guling ae kok gak jegos. Mangkel aku!*

LELAKON

ana randha ayu moblong
nyangking koper, menyang hongkong
luru sandhang lan panghan
kanggo anake loro ing padesan
blitar, jawa timur
bale-somah bubar, atine ajur
o...., lelakon
ping pindho atine kataton
oleh pacar mung seneng kelon

surabaya nyimpen sacuwil crita
pacare nggantheng, duweke wong liya
saya kelara-lara
mangkat lunga, golek tamba.*



*)kanggo: sekar ayu ing hongkong)

Minggu, 29 Agustus 2010

WATAK LAN WATUK

WATAK lan WATUK iku beda. Ora mung beda ukurane nanging ya beda asal-usule. Yen watak, asale wis saka kanane, gawan lair. Yen watuk, saka bangsane baksil penyakit sing ora genah saka endi asale. Apa saka kakehan ngrokok, apa saka ketularan kancane sing cekah-cekeh mau, ora cetha. Sing genah, watuk bisa ditambani. Yen watuke campur riak, tambane ya gampang : gaweya susu putih, cemplungi jae gecekan, beres.

Apa sebabe nek watuk gampang ditambani, yen watak ora bisa ditambani (ora bisa diowahi) ?
Saka nyawang hurupe wae ya wis beda. Bedane WATAK lan WATUK mung ana ing hurup A lan U. Hurup U iku rak bolong ndhuwur, yen dicemplungi obat, lara watuke ya bisa imetu ilang, mari. Yen WATAK aja ngarep-arep marine jalaran hurup A iku rak ora bolong. Watake manggon ana ing njero. Nganggo palang ngiwa-nengen kathik isih dipatek palang tengahe. Lha ya angel metune, ora bisa mbrabas metu wong rapete palang kaya ngono.Mulaner ya ana wong omong yen watak iku RITI, marine yen wis mati, katut digawa mulih menyang papan asal-usule kana.

Iki ora kok othak-athik mathuk, dupeh wong Jawa diarani seneng othak-athik. Kedhiri rak kuthane. Sing dadi rak nyatane. Ngono cara parikane. mBahku biyen sing wis tuwa banget, nalika lara, ya duwe lara watuk .Pisan pindho digolekake obat watuk, ora mari-mari watuke. Terus dikandhani supaya disuda enggone ngrokok, bisa uga rokoke sing marahi watuk.

"Halhah, ya gak isa nek aku mbokkon leren udut," wangsulane. Dadine, mboyak-mbodhil, anak-anake wis ora ngreken watuke kuwi, wong kandhanane angel, watake ngenyel. Ngeyelan kuwi ya watak.

" Ben, nek watuke ora mari. Malah apik," guneme mBokku nalika aku isih cilik.
"Kok malah apik?" pitakone Lik Ni, adhine mBokku.
"Soale nek bengi, sepi wong dha turu. Pikiranku rak ya rena-rena wong ora ana sing nunggoni, turu ijen, neng kamar mburi. Nek krungu watuke atiku lagi lega, ruh nek jik urip." ****

JEMBAR SEGARANE

Sedhela maneh Idul Fitri kang uga sinebut Hari Lebaran, saka tembung "Lebar" kang tegese wis bar enggone nindakake pasa wulan Romadhon. Idul Fitri, Lebaran, uga sinebut Ariadi. Ari (hari ) = dina ; adi = becik. Dina becik kanggo apura-ingapura, nglebur kaluputan. Adate sing enom sowan marang sing tuwa, nyuwun pangapura, bisoa lebur kaluputane ing dina becik iku, minal aidin wal faizin.

Senajan sing enom ora bisa sowan , embuh karana apa..., sing tuwa jroning batin ya wis bisa ngapura. Kasugihane wong tuwa ing prakara pangapura iku ora mung dicakake ing dina Lebaran wae, kepara malah wis diecakake ing urip sadina-dinane.Iku tumrap wong tuwa sing wis bisa netepi jejering kautaman yen wong tuwa iku kudu jembar segarane. Tembung sanepan (perumpamaan) wong tuwa kudu jembar segarane iku wis kaprah keprungu ing satengahe bebrayan Jawa. Yen ana wong tuwa kliwat teker enggone nesu nganti milara anake sing luput, yen ana wong tuwa liyane sing nengahi, tembunge," Sabar. Kokpatenana anakmu ya mati. Piye ra piye, wong tuwa kudu jembar segarane, arepa dikaya ngapa lupute anak."

Akeh anak-turune wong Jawa sing ora mudheng marang tembung sanepan iku, kepiye nalare jembaring segara digunakake kanggo sanepane wong tuwa. Segara iku, kanggone wong sing ora ngerti, mesthi reged, rusuh, akeh larahane sing asale saka katut iline banyu-banyu kali sing kabeh nyemplung segara. Ing sanyatane ora mengkono. Segara iku resik saka sawernane larahan. Kabeh larahan sing mlebu segara gage diuncalake minggir dening ombake,dibuwang menyang gisik, pesisir. Larahan iku sanepane piala utawa kaluputane wong sing ngenani awake, sing tumuli dibuwang kareben ora ngrusuhi atine. Yen durung bisa kaya mengkono, tegese, durung bisa dadi tuwa sing sugih pangapura.

Lakuning ombak (lakuning rasa) yen mung kanggo mbuwang rereget, iku aran ombak sing becik. Yen anane ombak becik, mung kanggo ngresikake banyu, kapal-kapal lan prau sing lelayaran uga slamet. Seje karo yen ombak gedhe-gumulung , segara kaya kinebur, kapal-kapal lan prau njempalik, kerem. Ya mengkono iku sanepane wong tuwa sing durung bisa dadi tuwa. Sing durung bisa lerem, ngumbar hawa napsune keliwat-liwat, gawe kapitunane ngakeh. (*)

Sabtu, 28 Agustus 2010

CEMBURU

alangkah cemburu
burung di sangkar memandang kupu


Itu adalah Haiku (puisi pendek Jepang bercirikan dua baris saja).Saya lupa siapa penyair yang menulisnya, tapi sya tak akan pernah lupa dua baris kalimatnya yg begitu menyergapku, dua puluh tahun lalu, ketika kubaca haiku itu.Sampai sekarang, keindahannya yang begitu menggoda masih terngiang-ngiang, meski hanya dua baris pendek.

Sebagaimana karya seni dibuat, menyampikan pesan nilai, tergantung kepekaan masing-masing penikmatnya, meski tidak harus sama dg maksud penulis dan kepekaan penikmat lainnya yg bervariasi.

Dua baris pada haiku dia atas sangatlah sederhana, bahkan sangat mudah dicerna, tentang kecemburuan burung yang terpenjara terhadap kebebasan kupu di luar. Kebebasan demikian mahalnya ,nilai tak terhingga yang tak tergantikan oleh apa pun. Bahkan juga sangkar emas sekalipun, yang penghuninya tercukupi kebutuhannya, belumlah sebanding. Pesan nilai kebebasan yg disampikan penyair, menimbulkan ragam imajinasi pada masing-masing penikmat. Dua baris haiku di atas seolah telah terelepas...., menimbulkan imajinasi yang mengembang di benak masing-masing, membuat penikmatnya gembira, sedih, mendongkol bahkan ingin marah terhadap keadaan yang sedang mengurung kebebasannya.

Seorang wanita simpanan yang terkurung di rumah mewah, dijaga Satpam, ke mana pergi diikuti, bisa kemudian cemburu melihat kebebasan wanita yang sedang melenggang riang di dalam gang. Gadis yang tak bebas menentukan pria pilihane, bisa kemudian terisak oleh haiku yang mngingatkan kepaitan nasibnya. Atau seorang pekerja kasar di Jakarta yang harus minta izin Satpam setiap menunaikan ibadah Sholat, Dan pekerja kasar itu sangat gembira ketika pindah kerja, bos barunya yang dimintai izin serupa,menjawab," Sholatmu berurusan dengan Tuhan, tidak harus izin saya".

"Tapi sholat saya lama,Pak."

"Lakukan.Tuhan pun tak akan marah meski kau takmelakukannnya lebih lama lagi," jawab Boss barunya yg sekalipun orangnya masih muda, tapi pengertian dalam berbagai hal, itu yang membuatnya sejuk kerasan kerja di situ.

Dan ragam kebebasan dalam bentuk yang lain, tercakup pada makna haiku yang mempesona itu. Dengan bahasa yang singkat, padat, dan tepat dalam kesederhanaan kalimat yang memikat.Justeru kesederhanaanlah yang sering membuat sesuatu menjadi sangat memikat. Itulah antara lain bentuk kreatifitas, membuat yang sederhana menjadi bernilai yang hanya dapat dilakukan oleh orang jempolan yang telah sangat kenyang berbagai pengalaman. Berpikir lebih jernih, merasakan lebih dalam, dan memandang lebih luas adalah perjalanan jauh seorang kreator murni. Sudah pasti, apa yang digarapnya akan sangat mempesona.(*)

Kamis, 26 Agustus 2010

GURITANE SIMBAH

simbah gawe guritan
kanggo kabeh anak-putu ing paran
jare simbah :
paran ya ing sadawane dalan
ya dalane menyang lan mulih
ngambah alas setra gandamayit
sing kebak begalan dhuwit

nanging simbah ora bisa nulis
nyambat tanggane nulis ukara rong baris :
O...ALLAH, NGGER, KOK PADHA TELER
YA BEJAMU, YA CILAKAMU

jare simbah :
beja sugih mbrewu, kaya wis dadi takdirmu
kasar kethuling rasamu, dadi cilakamu.

(Bojonegoro, 2010)



Cathetan :

Gawe guritan ora angel, kabeh wong bisa yen duwe niyat. Ukarane cekak-cekak nanging diangkah mentes, ana isine. Ukara guritan (puisi) nimbulake imajinasi ing pemaose. Mikir-mikir, nggrayangi, apa maksude ukara iku? Bisa wae pemaos nduweni imajinasi sing beda karo imajinasine penulise. Malah bisa uga, saka 10 pemaos, ana imajinasi cacah 10 sing uga beda-beda siji lan seijine. Iku kena wae, ora masalah kanggone karya seni.

Ana penyair sing seneng nggunakake ukara dhakik-dhakik sing angel digrayangi pemaose. Kaya-kaya sing ngerti mung sing nulis dhewe.Kang mengkono iku ya kena-kena wae, sah-sah wae, awit saben penyair nduweni gaya (cara) dhewe-dhewe kanggo nyuntak gagasane rupa karya tulis.

Lan ya ana sing seneng nggunanake ukara sing mayar-mayar, gampang ditampa saengga bisa gampang enggone nggrayahi isi ing njerone. Ukaraku ing guritan kasebut ndhuwur, ya mayar-mayar wae, niyat taktulis ing kene kanggo kanca-kanca fesbuker. Karo kena kanggo tambahe pangerten marang sing kepengin ajar nulis guritan (puisi). Pokoke bebas tenan ngesok gagasan ing fesbuk ngene iki, ditulis dhewe, diredakturi dhewe, disebarake dhewe....,tur ya bebas tanpa sensor. Murni, tus, asli, gak ana tangan liya nggladhig ngedhit utawa nyampuri enggone berkarya.

Dene Guritane Simbah ing iku, genahe mengkene :

Simbah sing buta hurup, bisa tutur apik marang anak-putune sing urip ing paran. Sing diarani paran, ya ing ngalam ndonya iki, sing diliwati wong urip kanggo bali mulih menyang asal-mulane, mbesuk. Sing ati-ati, awit lakune urip ngliwati alas setra gandamayit sing kebak sawernane godha. (Ing crita wayang purwa, alas Setra Gandamayit iku diratoni dening Bethari Durga (Buta Wadon panjilmane widadari, Dewi Uma saka Kayangan). Ing alas kuno, akeh lelembut lan buta sing dadi reh-rehane, bangsane ilu-ilu banaspati, gendruwo, wedhon, thethekan, jrangkong, glundhung pringis, jim periprayangan lan liya-liaye. Sapa sing liwat, wis mesthi diganggu...). Kok ing guritan iku ana tembung : sing kebak begalan dhuwit, wis genah, yen alas Setra Gandamayit ing guritan iku, pasemone jaman saiki sing kebak wong mbegal dhuwit ( korup ; pungli lan sawernane sing kadonyan, melik darbeke liyan ).Yen enggone mbegal butuh dhuwit, ya wis genah yen iku dudu bangsane jim-gendruwo-wedhon sing ora katon.Genmah yen ana wong sing uga wis dadi andhahane Batahari Durga.

Senajan wis ora kurang-kurang pituture Simbah, kok ya meksa ana sing teler,mendem kadonyan. Nganti Simbah muni : ya bejamu, ya cilakamu. Beja uripe ing ngalam ndonya dene bisa sugih bandha-donya. Nanging bandha-donya sing gawe beja iku, l uga gawe cilaka saka kethuling rasane dene ora ngerti ing kautaman.

Mengkono cathetan sethithik bab guritan iku sing sabanere ora perlu takbeberake kaya mengkono. Ora tau ana, gawe guritan kok dibeberake dhewe. Perlune, kaya sing wis taksebutake ing ngarep, sing maune wedi gawe guritan, kareben suda wedine yen gawe guritan iku sabenere ora angel. Gebres wae ya bisa dadi guritan.


Hassssszzzzzinggggg !!!
Apa?! Anjing, katamu !

Hassssszzzzinggggg !!!
O....,kurasa menyindirku anjing!

Hassssszzzzzinggggg !!!
Bajingan kau!
Ingusmu mengotori dasiku !

Rabu, 25 Agustus 2010

BINTANG SUREM

MONGKOG atine Bintang sawuse diwisuda kanthi kesampiran titel, S1 saka sawenehing universitas. Mengkono uga wong tuwane sakloron sing madhul-madhul enggone ngragadi, lega atine dene enggone ngragadi ora muspra.Saka banget panuwune marang Pangeran dene anake bisa ngrampungak kuliyah, nganakake syukuran panggang buceng dikepung tangga-teparo.

Mung wae, Bintang sing meling-meling ing njero kelas saka kepinterane wiwit SD, bareng wis sarjana, ambyur ing donyaning panguripan, ora katon meling-melinge. Anane mung kluyar-kluyur, dadi penganggur. Malah sok njaluk rokoke Slamet, tukang tambal ban kancane sekolah ing SD biyen sing bodho sekolahe. Biyen,yen nggarap soal, Slamet sok mepet Bintang, nurun garapane sing akeh benere.Saiki kwalik, Bintang sing mepet Slamet, butuh rokoke.

"Ya ngene iki,Bin, sagawe-gawene, wong ming SD wae. SMP ae jare saiki ya wis gak payu dinggo golek gaweyan kantor, senajan mung tukang kebon," tembunge Slamet sing ora mung mligi tambal ban, nanging uga jual-beli sepedha onthel bekas lan dodolan oli ing kiose pinggir dalan aspalan.

"Lha katimbang aku, Met...,sukses kowe nek takpikir."

"Tambal ban ae kok sukses. Gak enek,Bin, wong muni..., kae lho Slamet, saiki sukses dadi tambal ban."

"Sakora-orane, kowe duwe cekelan sing dadi dalane dhuwit."

"Lha, rak ngono. Aja nganggo tembung sukses. Sing sukses rak ya kowe. Sukses kuliyahmu, Bin."

Saka wis jegeg angel golek pegaweyan alusan, nembung mandhor bangunan melu nukang batu. Nanging mandhore sing mung tamatan SMP emoh nampa kuli duwe titel sarjana. Ora kok wedi yen status mandhore kegeser yen Bintang pinter disenengi Boose. Ora.Tembunge Mandhor," Kuli batu ngene iki pegaweyan kasar. Abot, bandha otot."

"Kula nggih kuwat."

"Ora kok aku ngarani kowe ra kuwat. Apamaneh karuwan isih enom. Mung wae, pegaweyan kuli batu ngene iki ladhang pegaweyane wong-wong sing endhek sekolahe. Dhuwur-dhuwure SMP, aku gelem. Wong kowe sarjana, ya ra patut nek melok-melok nggarap pegaweyan sing isa ditandangi cah SD. Kudune, ya goleka pegaweyan sing ora isa ditandangi cah SD.Ngono. Aja neng kene. Kabeh kuli-kuliku ngko ya dha ting kresuh, nyalahna aku."

Bintang unjal ambegan.

Apamaneh ana kuli sing nimbrung," Abot tenan ngene iki, ngudheg luloh jebrot kabeh ,kathik ya panas. Nganggo penekan barang kaya sing masang bata kae. Sara pokoke. Akua umpama sarjana ya golek sing alusan-alusan,sepaton. Mung nulis-nulis ing njero kantor sing iyup, bayare akeh."

Krungu mengkono Bintang tambah thenger-thenger,kelingan gegayuhane kaya sing diucapake kuli kuwi,kepengin dadi pegawai sarampunge kuliyah. Bola-bali melu test penerimaan pegawai negri,ceblak-ceblok bareng lan tambahe umure. Mangka urip mbutuhake ragad, ya ragad kanggo ngadhepi urip, mangan lan nyandhang. Selagine wong tuwane sing wis rumangsa nyangoni kepinteran, kumecap," Kowe wis taksekolahake kanggo golek kepinteran. sawuse pinter, ya piye caramu, aja mung klonthang-klanthung..."

Bener anane tembung : Bukan kepandaian untuk menghadapi hidup, tetapi keterampilan.

Slamet kancane sing bodho sekolahe, merga duwe ketrampilan nambal ban,kena kanggo ngadhepi kanyatane urip. Malah bisa mundhak-mundhak ketrampilane sing kena kanggo dalane dhuwit mlebu. Sepedha pancal elek-elek sing dituku, didandani, mundhak regane.Kejaba bisa nyetel peleg sepedha montor, dodolan oli lan bensin, uga dodolan sithik-sithik ondherdhil sepedha pancal. Batine Slamet trima wae senajan pegaweyane sing rena-rena iku mung diarani Tukang Tambal Ban.*

djajus pete: BEDHUG

djajus pete: BEDHUG

BEDHUG

BEDHUG masjidku swarane kepleg. Pangiraku, olehe kepleg kuwi merga klonthongane bedhug kurang gedhe. Garis tengahe klonthongan 70 sentimeter. dawane ora ana semeter. Kelingan yen ing kuburan ana wit jati gedhe, aku banjur rerasan karo lurah Bakir. Wose setengah usul yen dianggep prayoga, apa jati gedhe ing kuburan iku kena dianggo ngganti bedhug? Lurah wangsulan yen arep ngrungok-ngrungokake luwih dhisik awit sing duwe jati iku masyarakat. Yen masyarakat sarujuk lan takmir masjid mathuk, Lurah lagi arep nganakake musyawarah antarane LKMD, tokoh masyarakat, takmir masjid lan alim ulama.

Saka senengku duwe gagasan digatekake, gage takkojahake marang lik merbot Khomad. Lik Khomad sing omahe cilik cedhak masjid iku paklikku cer, kepernah adhine ibuku. Wiwit taun 1960 lik Khomad enggone dadi merbot. Ayahane merbot, kejaba kuwajiban nabuh bedhug minangka tandha wancine sholat, uga reresik njeron masjid tekan sakupenge pekarangan, mbukak nutup masjid lan ngisi kolah.

Mesthine lik Merbot seneng duwe ponakan kaya aku sing gele mikir kanggo apike bedhug. Nanging sajrone aku kojah ngethuprus,lik Merbot kaya ora butuh nyelani. Aku mung diingeti wae. Sarampunge kojahku, lik Merbot lagi kumecap," Ckk, ora usah diganti. Bedhug iku wis apik," wangsulane tanpa greget.

"Kepleg ngoten kok sae."

"Ckk, iku rak kupingmu sing ndleya."

Mangkel aku, malah kupingku sing diluputake. Ajaa ora sungkan, aku kepengin balik nudhuh nganggo nalar sing genah. Apa ora lik Merbot dhewe sing wis suda pangrungone? Nalare maton, patut saumpama wis suda krungon, awit kejaba umure wis 50 taun munggah, dhasare kulina brebegan bedhug kang ditabuh sasuwene dadi merbot 30 taun lawase.
Mangkel aku, kupingku waras-wiris dielokake ndleya. Nanging merga aku isih bisa ngurmati wong tuwa, mula tembungku isih bisa takgawe sareh." Sing mastani kepleg niku sanes kula dhewe, Lik. Kathah tiyang celak-celak mriki sing mastani ngoten."

"Wiwit madege masjid iki, bedhuge ya kuwi. Rung tau ganti. Yen bedhug kuwi ora apik, mesthine wis diselehake."

"Sampeyan wastani sae rak mergi sampeyan dhewe sing nabuh. Nggih banter ta, wong mireng sampeyan king celakan. Cobi sampeyan mirengke king tebihan. King kidul mriku mawonlah..., mboten sah tebih-tebih, mengke rak..." durung tutug rembugku lik Merbot terus nglungani, ninggala ku ijen ing buk regoling pekarangan masjid.

Lik Merbot nguripake masin Sanyo, nyedhot banyu saka sumur diisekake meyang kolah. Mesin Sanyo iku tukon saka dhuwit bantuwane pemerintah. Masjidku antuk bantuwan dhuwit puluhan yuta engga gelare masjidku malih gedhe njenggarang. Jobin sing maune bata warasan, diganti tegel traso gilap, digelari karpet ijo. Serambine nggantheng dibangun tingkat. Khubah makuthane masjid saka semen kang kukuh, digempur, diganti khubah almunium gedhe mblendhuk.

Samubarange wis dibangun. Emane isihh ana sing kesingsal, perkara bedhug cilik kasng swarane keplg kuwi. Geneya ora ana sing ada-ada ngajak ngganti bedhug gedhe kareben swarane ulem ngumandhang?

Karepku apik, urun pikiran , ngamal gagasan. Lha kok malah ditanggapi nylekit dening lik Merbot. Nanging lik Merbot ora mbantah ora nulak nalika katut diundang mesyawarah. Wangue lik Merbot wis bisa nggagapi yen kabeh bakal sarujuk bedhug diganti.

"Leresipun sampun dangu anggen kula kepengin nawaraken jatos menika kangge sarana tempat ibadah. Soal bagaimana bedhug menika dibikin, kula sumanggakaken dhateng pihak takmir masjid ingkang langkung mangertos. Biaya negor sampai mengeluarkan kayu dari kuburan saya tanggung," tembunge lurah Bakir sajak mongkog.

Gela atiku krungu tembunge Bakir kang ora jujur iku. Kudune Bakir pratela yen gagasan ngganti bedhug kuwi saka idheku. Idhe gagasanku malah dirampas tanpa rikuh pakewuh. Saka gelaku, aku kebacut wegah melu caturan. Sekdes Dasiran sing keprungub semaut, kandha nyumbang seket ewu rupiyah kanggo ongkos tukang.

"Wacucalipun kula tanggel," semaute Haji Mas'ud pedhagang palawija.

"Alhamdulillah... Jaza kumullohu. Mugi amal panjenengan sedaya piukantuk piwales langkug kathah saking Pangerean," puji dongane Akmal Sholeh, ketua takmir masjid.

"Lajeng...,ingkang sae kadaml bedhug menika wacucal menapa pak Merbot?" pitakone Haji Mas'ud mengo menyang pernahe lik Merbot kang lungguh mencil ing larikan kursi mburi dhewe.

"Ah, kula menika namung sadermi nabuh."

"Ya aja njur ngono. Iki ngono musyawarah kanggo mufakat. Golek giliging rembug, gathuke panemu," tumanggape Akmal Sholeh.

"Kula kuwqatos, badhe mungel wacucal anu menika sae, kadhung digega, mengke nyatanipun gek mboten sae. Ungelipun gek awon, gek mboten saged banter ngumandhang. Rak kula mengke igkang dipunpaido tiyang kathah," semambunge lkMerbot.

"Umumipun ingkang dipundamel bedhug menika wacucal lembu. Sae, ungelipun saged bening. Menawi saking wacucal maesa, awon, ungelipun sok kebluk," urun rembuge Anwar Ali, guru Agama SD sing dadi sekretaris takmir masjid.

"Bedhug ingkang wonten menika nggih saking wacucal lembu niku, nak Guru. Ning nyataniopun kok nggih kathah tiyang mriki ingkang mastani swantenipun kepleg," aloke lik Merbot.

"Jangan-jangan lulange gek kendhor niku. Saka nggonku kene ya blas gadhas ndhak jelas ki, swarane. Bl;eg, bleg, ngono. Kadhang krungu, kadhang ora," semaute lurah Bakir kang mimpin musyawarah ing pendhapaning omahe, wayah bubar Isya.

Dohe omahe lurah Bakir saka masjid watara 300 meter. Isih cedhak omahku saka masjid, kurang saka 200 meter. Merga omahku cedhak masjid, aku kerep ndeleng panggarape bedhug anyar kang digarap tukang ing ngiringan masjid.

Tukange loro. Siji nggarap klonthongan, sijine nggarap jlagrag tumpangane bedhug. Putusaning musyawarah, bedhuge ora dipapanake gumandhul kaya bedhug lawas, nanging ditumpangake kaye sumelehe kendhang gamelan. Lulang sapi bakal raining bedhug sumbangane Haji Mas'ud wis cumepak.

Kuciwane panggarape bedhug kurang rancag awit tukange kerep ora menyang. Malah antarane lurah Bakir lan Anwar Ali kedadeyan kemreseg. Karepe Anwar Ali nembung sisa kayu arep dienggo sulam blandar payon kolah.

"Kok tekan blandar kolah barang. Itu kan tidak katut diprogram," wangsulane lurah Bakir ditirokake Anwar Ali marang aku. "Blandar sepinten, wong mung alit mawon kok. Wit jatos semanten agengipun, mongsok sisanipun sampun mboten wonten. Taktakoni ngono ki, ndadak makpendelik...,prempeng, nesu-nesu. Lho, bicaramu kok seperti ngoreksi saya. Aku dielokake ngono."

"Takonmu ngono, ya mak-cos! Wong sisane kayu sing keri ing kuburan wis embuh parane diangkut pedhagang kayu."

"Aku ki ra krungu maune. Karo isihprempal-prempul, njur kandha yen sisane kayu wis diedol atas musyawarah LKMD kanggo kebutuhan desa."

"Iku rak unine. Kepala SD-ku rak ya pengurus LKMD. Nyatane kok ya kresah-kresuh ora ngerti playune kayu," tembungku.

"Karepku ki rak mumpung isih ana tukang. Kena diselag ngganti blandar payon kolah sing dipangan rongos. Saiki tukange malah kerep lowok. Ning ya ora nyalahake tukange, wong olehe nukang iku kanggongingoni anak-bojone. Yen ana sing nganggokake baune, sing kene ya ditinggal."

Tukange sing suwe ora ngaton, ditemoni Akmal Sholeh lan lurah Bakir. Malah sakan karepeLurah, ditambah tukang ukir. Anane Bakir gedandapan nyengkakake tukang jalaran ana sambunge karo enggone mentas dipriksa Sospol lan Irwilkab. Pancen ana sing kirim surat kaleng marang Bupati, prakara sisa kayu kuburan seprapat kibig. Sing nyurat kaleng iku Kepala SD-ku. Ukarane disusun bareng karo aku ing tengah wengi.

Anwar Ali sing ora ngerti kenthang-kimpule, misuh-misuh ketiban awu anget. Kandha marang aku yen dheweke diambu-ambu Bakir. Dirasani sing akal-akal ngaleng mendhuwur. "Ngawur tenan. Kok njur digothak-gathukake karo enggone mentas kemreseg karo aku. Bakir rak mentas didhuni Sosp[ol, dipriksa ing kantor kecamatan."

"O...,ya, ya, piye,piye...," panyelakum manthuk-manthuk kaya lagi krungu kasuse Bakir dipriksa.

"Jare wong kecamatan, Bakir ditekan supaya mbantu bisane bedhugiku enggal dadi."

"Lho, lho! Menggoke kok nyeklek menyang perkara bedhug/ Kasuse rak penggelapan kayu jati."

"Jare, merga bedhug ukuran raksasa, ngiras kena dipamerake BUpati sing arep Jum'atan kliling mrene."

Panggarape bedhug anyar disengkut, dilembur-lembur. Eling-eling asale saka idheku, mareming atiku ora kayaa weruh dadine bedhug. Garis tengahe 120 sentimeter. Dadi bedhug gedhe bregas. Klonthongan lan jlegrage diukir ngrawit, diplitur meleng-meleng. Wiwite arep digunakake, kanthi ngadhani tumpengan panggang buceng telung ambeng. Dikepung ing serambi masjid.Tumpengan diangkah rampung wayah tabuh Magrib kanthi nganyari swarane bedhug gedhe iku.

Bedhug anyar kalko ditabuh Akmal Sholeh. Aku njomblak krungu swarane sing mleset saka pangasngenku. Lurah Bakir uga katon mlenggong. Sawetara perangkat desa lan tokoh masyarakat kang diundang uga mlengok gumun.

"Weh, lha gini swarane. Bedhug gedhene sahohah kok ya nggedablug. Iki apane sing kurang sip. Padahal sesuk kuwi pak Bupati arep Jum'atan kliling mrene," guneme Bakir karo ndemak-ndemek bedhug gedhe.

"Napa angsale Jum'atan kliling pak Bupatyi niku kalih mriksani bedhug-bedhug ta, Pak?" ana swara nyangkal njalari polatane Bakir malih rengu.

Bakir nyawang mider menyang pernahe santri-santri enom kaya nggoleki asaling swara. Nanging Bakir ora bisa ndumuk sapa sing mentas clebung mengkono mau. Sateruse Bakir grenengan," Iki ing njero masjid lho. Yen guneman sing aopik. Aja sengak-sengak. Dosa."

Saweneh pengurus takmir masjid ana sing banjur cluluk, supaya swarane luwih apik, njero klonthongan dipasang benthangan pir loro utawa telu kanggo getaran suara. Pite bisa digawe saka kawat biayasa, diluker-luker kaya pir.Saka anane gunem sing dianggep ngerti marang akal carane gawe bedhug, njalari Bakir adreng prentah marang Akmal Sholeh supaya bedhug iku dibongkar.

"Rumangsaku wis apik swarane," ujare Akmal Sholeh.

"Eh, apik piye. Gung marem. Apike dibongkar saiki wae. Ora nubyak-nubyak. Sempit wektune yen sesuk lagi dibenahi," wangsulane Bakir.

Akmal Sholeh sing kulina grudag-grudug karo Bakir wekasane manut. Patek kayu nyrangap kang maku ngencengi ubenge lulang dicabuti santri enom. Rai bedhug dicopot sasisih. Bakir cucul dhuwitkanggo tuku kawat menyang toko ngarep pasar.

Prakara oleh brekat, akeh sing terus mulih. Mengkonom uga aku. Mula akuora ngerti ing sateruse, dilembur tekan jam pira bedhug anyar kuwi. Sing takrungu ing sabanjure, atiku kaget ngungun krungu kumandhange bedhug Subuh saka masjidku. Dhenge swwra bedhug banter ngongang kuwawa nggeterake atiku. Sarandhuning awakku kaya mrinding. Swarane empuk , ulem kaya ndudut, kaya nggeret-nggeret atiku. Notolku kepengin mara ora kena takcandhet. Ora sabar aku metu kemulan sarung, tanpa srandhal. Lurung dalanku peteng, jemek cemer mentas udan. Lakuku kepleset-pleset. Cenunukan. Mendhunge isih nggameng. Hawane atis kemrenyes. Lambeku cethathuken.

Masjid sepi.
Sikilku gembel blethok.
Aku ngadeg ing ngarep serambi masjid.
Weruh lik Merbot mentas wudu, aku aruh-aruh," Lik...,lik Merbot?"

Lik Merbot nyawang pernahku ngadeg. Epek-epeke ditungkuake ndhuwur mripate, sajak ulapkena sunaring lampu.

"Kula mireng swanten bedhug ulem ngumandhang,Lik. Swantene bedhug enggal ta niku wau?"

"Bedhug lawas sing taktabuh."

"Ya Alloh...!" panguwuhku kaget. Bedhug anyar takweruhi isih njegadhah ing ngisor kaya nalika diudhunake sore mau. Gedhe ngedhangkrang, mlompong tanpa rai. Raining bedhug kang dicopot sasisih durung dibenakake.

Sikilku gemeter.
Mripatku kekembeng.

Atiku nangis, nangisi awakku, nangisii uripkukang isih uncla-unclu ing umur 40 taun.

"Mlebua. Wisuhana sikilmu kang rusuh kuwi. Paklik melu bungah kuping atimu wis bolong. Kowe wis bisa sengsem marang swara bedhug," tembunge lik Merbot njalari atiku saya ngondhok-ondhok.

Ya Alloh, ya Robbi.
Mripatku saya kekembeng.
Eluhku ora kena takampet.

Aku menyang kolah karo ngeling-eling urutane wudu lan dongane wudu. Ana kopiyah nganggur cemanthel cagak. Lik Merbot ngulungake kopiyah iku marang aku. Jama'ah Subuh, lik Merbot sing ngimami. Makmume ora akeh, mung wong wolu.[] (Bojonegoro,bl Romadhon,2010)

Cathetan :
a) Hadiah cerita untuk seluruh teman febuker, selamat menjalankan ibadah puasa Romadhon.
b) Cerita Bedhug, selain menjadi pemenang lomba penulisan crita cekak (cerpenJawa) yang diadakan oleh Taman Budaya Yogyakarta (1991) juga mendapatkan Hadiah sastra dari majalah Panyebar Semangat (Surabaya) sebagai crita cekak terbaik yang termuat di Panyebar Semangat kurun waktu tahun 1993 - 1997. Bedhug termuat di Panyebar Semangat tgl 10 Mei 1997.
c) Cerpen Bedhug termasuk di antara 10 cerpen Djajus Pete yang terkumpul pada buku kumpulan cerpennya "Kreteg Emas Jurang Gupit" yang diterbitkan olerh yayasan Pinang Sirih dan Dewan Kesenian Jawa Timur, 2001. Buku tersebut memperoleh Hadiah Sastra Rancage ( 2002) dari yayasan Rancage yang diketuai Ayib Rosidi, Jakarta.*

Minggu, 22 Agustus 2010

CATHETAN

Ana sawijining penyair sing kesengsem sawuijining wanita kang sepisanan diweruhiing sawetane kandhang. Wanita iku omahe ing saelore bengawan Sala. Sawuse bisa tepungan lan asring didolani menyang omahe, penyair iku nulis guritan(puisi Jawa) kanthi ukara mengkene :



CATHETAN ( I )


ing sawetane kandhang ati kebimbang
pikir mblayang kedharang-dharang
takluru tekan papan dunungmu
dhuh wong ayu, jebul wis ana sing ndhaku

oalah
ati semplah
pikir liwung nandhang wuyung
turut lurung kesandhung-sandhung

gragapan tangi, setengah ngimpi
wis kebacut cumithak ing telenge ati
ayu mblongor ing brang lor, pupuran wangi
apa bisa ketemu ing dina mburi?





CATHETAN ( II )

madu ing lambemu
wis kadhung takulu
campur lan getihku kang umob
manjing ing ragaku
manjing ing jiwaku
tekan puputing umur
tekan lawange kubur
nanging aku ora ngerti
apa kuburku bakal koktangisi?



CATHETAN ( III )

ing pinggir bengawan
takuncalake kangenku katut iline banyu
kumampul nyanthol-nyanthol lan kelem
gawe ati njarem.

TUWA TUWAS

WONG urip yen wis tuwa (ngenteni metune nyawa), lagi nggetuni marang sawernane elakone kang ala. Getun anane, lagi bisa mikir jero : kok sing ngana-ngana kae, bangsane sing maksiyat nganti taklakoni mung saka nuruti rasa kemrungsung. Tibake, suwening-suwe, akhiring wong urip ing ngalam ndonya iki kok ya mung kaya ngene. Tuwa, ringseg, lara kabeh. Asil kesenengan saka sawernane laku maksiyate wis embuh parane, abot dadi sesanggane atine. Apamaneh anak-anake sing biyen digedhekake lan disekolahane ( dikuliahake) nganggo dhuwit sing ora bener, padha ora ngreken sing tuwa saka (mung) nuruti repote dhewe-dhewe...Anane mung kari getun-keduwung, kethip-kethip mripate nyawangi wuwung sing ngejojor kaku, sing ya bakal mengkono iku awake, kaku digotong kang ateges wis rampung engggone dadi wong.

Yen digagas luwih landhung...,kok isih apik wuwung omah iku tinimbang awake sing tansah nerak-nerak,nabrak-nabrak, ora weruh ing sarak (larangan). nDadekake uripe ora kepenak, tiba babak-bunyak, tambah rusak...,lara ngglethak, tangga-tanggane emoh nyedhak, saka wis padha weruh watake sing mulang-sarak, kemethak ora weruh tangga lan sanak. Bojone uwong ya digasak.

Oalah...,tibake kok ya mung kaya ngene entek-entekane.
Sakehing dosane bakal ditanggung dhewe.


Untu ompong : tandha yen wis arep digotong. Rambut putih : tandha yen wis arep mulih. Mripat bawur : tandha yen wis cedhak lawange kubur. Awak kesel : tandha yen wis arep dibuntel ( saka wis tuwane,ora kuwat ragane, gampang kesel). Oalah.., nyuwun ngapura dhuh Gusti Allah .Sakathahing dosa kula ingkang sak-ambrah-ambrah. Lan nggih nyuwun ngapura dene kula mboten nggulawenthah, ngantos anak-anak kula sami mblangkrah.

Oalah..., Mah, Kimah... Kowe saiki neng ndi, apa isih urip?, grenenge kelingan Sriamah, randha cedhak kantore biyen sing tau ngentekake bayare lan korup dhuwit kantor. Saiki, watuk cekah-cekeh, dhadhane seseg, kok ya isih kelingan Sriamah sing biyen ayu nduleg.Randha anak siji asal saja Ponorogo. Biyen, umure Sriamah watara 30 taun, untu dhuwur sisih kiwa ana sing gingsul. Yen ngguyu, manise saya dudu-dudu, gawe sirahe ngelu. Cekot-cekot, cintane tambah abot. Cleng-cleng, saya gawe gendheng. Pikir peteng, dana bantuwan desa ya di-pleng, mung kanggo nuruti seneng.



Oalah, Mah, Mah...
Guyumu kok ya renyah
Rai padhang, sumringah

Dadine saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutake enggone njaluk sepura Gusti Allah
Saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutak\take enggone njaluk sepura Gusti Allah.

Ya kuwi sing arane tuwa tuwas, tuwane ampas ampas.
Sedhela maneh amblas, bablas.
Uripe ora duwe tilas.*




------------------------------
------------------------------


Cathetan :
wuwung = (bubungan rumah), perangan omah sing melu berjasa kanggo ngayomi wong sajrone omah.

tilas = tipak (bekas kaki), maksude : uripe ing ngalam ndonya ora duwe tipak tinggalan sing apik.-

Jumat, 20 Agustus 2010

CANGKEM

MANGSA ketiga, panas sumelet, apamaneh ing tengah sawah. Banyu ngombe sangune Joyo Kadut sing maune kari setengah botol mung kari sethithik awit dijaluk nDimun, tangga sawah sing ngelak ngorong. nDimun diakon ngombe dhewe ing botol Aqua njero gubug, mula Joyo Kadut ya ora weruh kari sepira banyune ing botol. Bareng kepengin ngombe, weruh banyune mung kari sacingkir, Joyo Kadut nggremeng misuh-misuh.

"O....,asu! Kok ra dientekna pisan, diulu sakbotole!" pisuhe Joyo Kadut sing dhangir kacang.'Sabane sawah kok gak nggawa dhewe. Njagakna jalukan, ya penak! Banyu cara saiki tuku, isi ulang, kok njaluk!"

Pisuhe Joyo Kadut iku yen digagas sabenere ora ana gunane. Malah mitunani awake dhewe .Enggone eklas dijaluki banyu ngombe, ora ketang sepira, bakal oleh pituwas (sembulih/ganjaran). Malah bisa uga kabecikane tulung banyu iku wis dicathet ing buku-NE, kana. Bareng misuh-misuh kaya mengkono, cathetan apik ing buku bisa uga terus ditip-ex. Kanggone wong sing bisa mikir, mengkono iku rugi, ilang cathetan apike. Mangka arepa enggone misuh ping suwidak jaran punjul kebo, sisa banyu ngombene ya ora bakal owah, ora bakal tambah. Kudune, yen miturut piwulang becik, ora perlu ngresula weruh sisane banyu, trima meneng. Sukur ngucap alhamdulillah..., dene banyune kok isih ana, isih disyukuri , tinimbang entek resik.

Gunemen ala lan guneman apik iku, sabenere padha-padha ngobahake uwang. Padha-padha mangape. Omong ala,mangap. Omong apik ya mangap. Tinimbang ya padha mangape, ya luwih prayoga yen omong sing apik.Tinimbang ngrasani alane wong, ya luwih apik ngrasani apike uwong, wong ya padha mangape. Omong sing apik-apik, sing migunani tumrap awake dhewe lan ya migunani tumrape wong sing diajak omong. Ora kok malah cathetane sing apik malah ditip-ex utawa disuda bijine, saka klerune.

Akeh wong sing maune eklas tetulung, lillahi taala. Nanging bareng atine kagelan, terus ngundhat-undhat. "Apa matamu ra melek nek tau taktulung rena-rena...Merema matamu, ya eling utegmu! Kok ming kaya ngono walesmu nyang aku! nDang muni, nek pengin takjejeli watu cocotmu!"

Pisuhe ya ndhridhil, lepas kendhali. Ilang kabeh cathetane sing apik-apik enggone tetulung biyen, ditip-ex sakala. Mangka gawe kabecikan iku angel yen ora diniyati, cathetane sing apik kok dibuangi dhewe. Apa mengkono iku ora gawe rugine awak dhewe? Gela kena, nesu kena, ora maido, arane wong urip. Mung wae aja ngundhat-undhat enggone nate aweh pitulungan.

Ya anane prakara sing cilik-cilik mengkono iku sing ndadekake wong sembarana,ora mikir rugine. Tekan sing jenenge genduren, ya ana sing salah weweng. Genduren cara desaku, kejaba oleh brekat, nganggo diaturi dhahar yen kajate gedhe, sunatan apa mantenan.Kancaku sing lungguh ing sandhingku, nalika arep mangan, lambene ya muni, bismillah...Bareng wis nyendhok sega, nyamuk-nyamuk...,sakala misuh nyandhak iwak oleh rongkong, akeh balunge." Pathake siset. Joh-njaran. Balung ah, nggonku." pisuhe alon kaya nggremeng."Nggonmu apa?" semambunge karo nginguk piringku.

Lha hiya, mangka sabane ya langgar. Lha terus ing endi dununge tembung bismilllah kuwi mau? Bismilllah ing cangkeme kok kalah karo balung rongkong. Ngono kuwi ya ana ,jenenge cangkem uwong. Mangka tembung CANGKEM, jarwadhosoke : nek dicencang, mingkem, mengkono jarene. Dicencang, maksude, ditaleni ( dikendhaleni ) , aja nganti waton ngucap yen enggone ngucap gawe rugine dhewe. Becik mingkem, meneng, awit wong memeng iku akeh bathine tinimbang mangap sing akeh klerune.*

ISI NANGING KOTHONG , KOTHONG NANGING ISI ( 2 )

WONG kang nduweni kasenengan kang wis manjing ing jiwane, kasebut ISI. Isi kuwi mau, kanggo gampange rembug amrih gampang ditampa , bissa kaumpamakna warna. Apa isine IJO ; apa isine ABANG ; apa isine PUTIH , lan sapanunggalane. Mengkono uga tumrape wong kang nggilut sawenehing agama, arane ing jiwane wong mau ya ISI agama. Agama apa, ya gumantung agama sing dianut jalaran akeh wernane agama. Agama iku ageman. Ageman iku sandhangan, hiya sandhangane ngaurip , kanggo sampurnane urip yen padha temen mituhu nindakake Dhawuh (Sabda) kang kinandhut jroning agama . Kabeh agama apik awit padhadene nggegulang kautaman. Isi tuntunan marang perlune nindaake sing becik lan nyingkiri kang ala kareben ora rusak uripe. Krembyah tumandang nindakake sakehing Dhawuh iku nduweni aji kang luwih dhuwur tinimbang mung rame ing ucap ,ngecuwes mung kanggo pepantes, mung bengak-bengok karo ndhodhok, laku-lakune nggayuh kautaman ora dilakoni. Agama iku ageman, yen ageman iku ora dienggo (kaya mung dicantheklake cagak) arane banjur kepiye? Wuda ote-ote, saru dinulu.

Mangkono Sang Guru mbacutake enggone nggegulang pangerten marang cantrik-cantrike ing padhepokan pucuk gunung kang hawane seger. Ora ana kewan galak sing wani saba ing sakupenge padhepokan, kalah dening prabawane Sang Guru, wong linuwih sing wis bisa ngregem gelaring jagad dadi kari samrica jinumput.(Seluk beluk seluruh isi dunia dan kehendak yang Kuwasa telah digenggamnya). Ya amarga saka enggone wis sugih ing kautaman, remen nindakake darmaning ngaurip minangka pangabektine marang Kang Akarya Jagad : sawernane godha padha lunga; kewan galak wedi nyedhak.....Yen sira isi ABANG, sira iku ABANG, sira ora bakal ngilangake


HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG
KEMBANGE JAGAD HIYA KEMBANGE LANGGENG


Langgeng asmane kaya kembang mekrok sing ora bakal alum, dadi patuladhan. Senajan bener akeh kemruwet cacahe wong ing ngalam ndonya, mung sethithik kang atekat waja nggeguru mungggah pucuking arga, kepencut ngupadi kawruh ISI NANGING KOTHONG...
kang bisa gawe jiwa mencorong ( penuh cahaya aura ).



..............................
..............................


Sang Guru mbacutake mejang ilmu :

APA kang dadi isinira, kang manjing ana ing jiwanira ,senajan ta sira banget senenge marang isinira., iku ora kena kanggo poathokan maido liyan.Sira kudu bisa mardika ( bebas) kanthi "nyelehake " isi iku. Aja kleru ing panampa, tembung nyelehake iku ora ateges mbuwang utawa nyingkirake. Anane ISI isih meger-meger ing jiwamu jalaran pancen wis manjing ing jiwamu. Tegese, yen sira iku isi IJO, apa ABANG , apa PUTIH...,sira kudu bisa ngothongake jiwamu kang ateges : sira tanpa warna.

Mara coba, waspadakana...., semambunge Sang Guru karo nuduhake kaca bening kang aran Kaca Wirangi, kaca pengilon kang banget bening. Wong kudu bisa "ngothongake" jiwane kaya Kaca Wirangi iku. Kanthi mengkono, yen warna abang mara, kaca uga bisa abang (senajan sabenere kaca iku ora abang). Warna IJO mara, kaca uga bisa IJO (senajan sabenere kaca bening iku ora rupa ijo).

Mengkono uga padha pangrengkuhe marang warna-warna liyane. Putih, kuning, biru lan liya-liyane bisa ditampa kanthi becik, ora ana sing ditampik. Tanpa nganggo mbedak-mbedakake, tanpa nganggo milih endi sing disenengi lan endi sing digethingi.

Wong urip, yen enggone nyawang gelaring jagad kanthi pathokan apa sing disenengi,anane mung bakal kemrungsung,jalaran weruh apa-apa sing ora padha karo sing disenengi. Malah uga sing kosok-balen (bertentangan) karo apa sing diugemi,sing disenengi. Dadine malah saya kemrungsung mengkap-mengkap dhadhane, nesu, dhemo,rumangsa diina.(Mangka sabenere,ya ora ana sing ngina.Ya mung merga beda kesenengan).

Patrape wong kang wis bisa ngothongake isi mengkono iku, anane mung meneng saka beninge pikir lan alusing rasane.Kaca ketekan bajingan, ya bisa ditampa,kaya ya ana bajingan ing njero kaca, senajan sabenere bajingan iku ing sajabane kaca. Weruh pelacur,begengggek,balon apa upruk arane yen cara Bojonegoro, kaca bisa nampa upruk, katon kaya upruk,nanging si kaca dudu upruk. Kuwi tegese, wong urip sing wis bontos kawruhe,alus rasane, awas pandulune..., bisa nampa sakabehing kang ana ing ngalam ndonya, tanpa gething lan uga tanpa rasa seneng. Nyelehake ati ing antarane seneng lan gething, yaiku pasinaon gedhe sing banget angel lakune nggayuh yen ora ngerti cara-carane.

---------------------------------------

(bersambung)

Kamis, 19 Agustus 2010

WEDOKAN

IKI ana prakara wigati sing perlu disumurupi dening kabeh kanca lanang. Prakara wanita, sing pancen werna-werna watake. Nanging aja pisan-pisan keprojol marang wong wadon, mundhak aku diujar-ujari, dianggep mbukak rahasiane.
"Alah..., paling-paling mung arep omong saka buku nek sing rambute brintik , watake, akeh geleme dijak slingkuih. Kuwi wis mbokomomg," semaute Sular, kancaku, wong PLN.
"Ora kuwi kok."
"Sing cangkeme mblawah amba, watake, moh dikalahna wong lanang. Kabeh wong lanang mesthi mengkeret, kalah karo bojone nek cangkeme bojone mblawah amba," semambunge Sular.
" Ayo omong neng warunge lik Mo, karo ngopi kothok," tembungku karo mancal spd montorku sing mogak-mogok.
Takkandhakake yen sing arep takomong saka buku kuna sing diwaca Pakdheku , nganggo aksara Jawa sing ora kabeh wong bisa maca. Isine ngenani watake wanita sing beda-beda ing bab asmara.
"Wah,penting iki. Seneng aku. Piye, piye...," Harno sing nggames wedokan langsung ngangseg kaya ora sabar krungu bacuting kandhaku.


Senenge wong wadon marang wong lanang iku beda-beda,kaya wis kinodrat, gumantung saka watake dhewe-dhewe. Ana watak lima cacahe, aran WIRYA : RAHSA : GUNA : DANA lan WARNI.
"Wadhuh...,tekan Warni barang. Seneng aku. Warni ki rak anake lik Warno, sing ayune sadubilah, ra umum.Ayu mblongor, menthur, entute ya gak mambu blas," semaute Harno,kancaku wong Perhutani." Aku ya tau diujar-ujari Warni. Ning aku ya mung ngguyu. Ora apa-apa, gela ya ora, nek sing ngujar-ujari ayu."
"Ya, wong rupamu kaya wedhus. Ra isin." Sular ngelokake.
" Ha ha ha ha....." guyuner benghkah. Ora isin ngaku, malah nyekakak.
Terange mengkene :
1. WIRYA tegese kaluhuran. Wanita iku seneng marang wong lanang sing duwe drajat-pangkat sing ngungkuli pangkate sing bojone. Apamaneh bojone mung tani, utawa mung ngojeg, kok dikedhap-kedhepi wong pangkat, mangka watake wong wadon iku seneng marang drajat- pangkat , bisa akeh katute, jebol imane. (Jane nalika isih prawan, idham--idhamane kepengin duwe bojo wong pangkat,ora klakon....).
2. RAHSA tegese rasa. Senenge marang wong lanang kegawa saka bangete seneng marang rasa, jalaran pancen wis dadi watake wiwit lair procot ing ngalam ndonya, dhemen marang rasa. Merga wis bosen, kurang marem karo bojone. Lha, dadi gampang katut, kepencvut wong lanang liya. Oraa duwe pangkat ya gelem, cah angon ya gelem, wong butuhe mung rasa.
3. GUNA utawa kagunan, tegese, kepinteran. Lair procot wis cinorek watake, seneng marang kapinteran. Wong wadon kang mengkono iku ,seneng marang wong lanang sing pinter, sugih kawruh, sing ngungkuli kapinterane bojone. Bojone SDMe rendhah, kok neng ndalan, dicethot wong lanang pionter, lha, ra isa turu, kethap-kethip karo mecucu nyawang bojone sing ora duwe guna kapinteran.
4. DANA utawa sardana, sing tegese sugih dhuwit, sugih bandha-donya. Sing lair procor watake kadonyan, ya seneng marang wong lanang sing sugih. Kok bojone mlarat, catho-cartho uripe...,halhah..., iming-imingi dhuwit, akeh semrinthile. Nanging nek mung wong pinter utawa wong pangkat, nek gak gableg dhuwit, ya akeh emohe,wong watake mung seneng dhuwit.
5. RUPA, tegese, seneng marang rupa bagus, rupa nggantheng, sing baguse ngungkuli rupane bojone. Wong wadon sing watake gampang kepencut marang rupa bagus, malah gelem torog, cucul dhuwit utawa apa wae ora eman, kanggo nyenengake wong bagus sing diedani, digandrungi .Ora butuh njaluk dhuwit, butuhe diladeni, saka nuruti senenge ati.

....................................................................................

Senajan wis jlentreh kaya mengkono, Sular ya ngengkel, unine," Kabeh wong wedok ya seneng dhuwit. Gak enek sing ora seneng. Nek ruh dhuwit ya ijo matane.Bojoku ya ngono, malah nemen. Ruih dhuwitku limangatusan ngglindhing nyang sor amben, ya gage dibrosoti."
" Pancen ora ana wong wadon sing ora seneng dhuwit, merga kabeh wong wadon ngubetake butuh .Sing takrembvug iku mau prakara beda-bedane watak, ora prakara dhuwit. Dadi aja mbokgebyah-uyah padha asine yen wong wadon iku mesthi gelem diiming-imingi dhuwit .O...,kleru nganggo banget. Nggodha wong kok ngawur..., ketanggor sing ora seneng dhuwit, ya diujar-ujari tenan. Soale sing digodha iku watake seneng marang kapinteran. Menenge nek digodha wong pinter, nglumpruk,manut. Tanpa dhuwit ya gelem. Metu bareng, yen njajan, ya genti-genten sing ndhuwiti."
"Kula taktangklet,kadose kok gayeng sale rembagan," wong tuwa Harjo Kamin sing ngopi ing pijokan,sumela.
"Nggih, pripun,mBah?"
"Sedaya niku wau leres. Lampahing tiyang gesang menika gumantung ing watakipun. Ewasemanten, menawi kiyat imanipun minangka betenging manah , digodha rak nggih mboten mesthi gampang."
”Leres, mBah... Gumantung betengipun, moral, iman. Nanging wonten bedanipoun awit saking wontenipun watak menika wau."
"O...,dos pundi?" pitakone sawuse ngakep udute ,rokok klobot.
"Ingkang watakipun remen rupi bagus, kok digodha pak Camat, senajan duwe pangkat, ya emoh wong rupane camate pecos. Ora butuh dhuwit, ora butuh pangkat, senenge rupa bagus. Senajan imane wong wadon iku mau sabenere ringkih, ya ora katut pak Camat. Olehe emoh iku ora kok merga kuwat imane, nanging merga moh weruh pecose. Nanging bareng weruh wong bagus, mangka wong bagus iku ora nggodha, malah dheweke sing klabakan nyegat-nyegat, mbuk ethok-ethok apa, isa ae. Apamaneh nek sing bagus iku sing nggodha, bar tenan, dhadhal sakala., ambrol..... Kaya oleh gempuran sing hebat , mematikan. Serangan sing memastikan mbutuhake benteng moral sing luwih dene kuwat... Ya bisa, ning abot banget sanggane." tembungku akeh ngokone kaya taktujokake kanca-kancanku.

mBah Harjo manggut-manggut, buleg rokok mbrubul metu saka irunge.
Taksruput wedang kopiku, jam sepuluh bengi ing warung pojok desa. Swara Tadarus kempyung saka langgar-langgar, wulan Romadhon iki. Takbacutake rembugku, yen KESENENGAN iku padha karo KELEMAHAN. Yen kepengin weruh kelemahane wong, sawangen apa KESENENGANE wong iku. Seneng ngombe; seneng main kertu; apa seneng wedokan kaya Harno iku. Harno kok dithuki inuman arak ,bir,jeneweer...,ya ora diambus. Jajal nek dithuki wedokan, manut, wong neng kono kuwi kelemahane. Kok pengin njatuhnya Lurah, umpamane, setitekna, apa senengane Lurah. Kok seneng main kertu,ya dipancing, jak main kertu, wus mesthi geleme....Ora ngertiya wis ngontak polisi. Tangkep polisi, bar...,wis. Kurang bejane, ilang beslite, ilang bengkoke,* (Djajus Pete,Bojonegoro)

REMBULAN

rembulan setugel lingsir mengulon
tanpa kumedhape lintang katon
sepi lingsir wengi , kijenan
kaya randha kelangan katresnan
perihing ati dicidrani
banget nyubles pulung ati
tatu mlewah, getih mili
nelesi guling lan sprei.

(bojonegoro, 2010)


*) kumedhap = kumelip( berkedip )
dicidrani = diapusi tentang sebuah janji )

Rabu, 18 Agustus 2010

ISI NANGING KOTHONG, KOTHONG NANGING ISI (1)

IKI kawruh sing ora baen-baen. Mapane kawruh iku adoh nglangut ing pucuk gunung sing rekasa unggah-unggahane. Rumpil lan lunyu akeh keplesete yen kurang santosa tekade marsudi. Mengkono yen kena disebut nganggo tembung saumpama, mapan ing pucuk gunung dadi gegebengane pendhita linuwih sing wis gentur tapane. Sing kepengin necep kawruh saka banget kepencute, meguru menyang papane Guru,hiya pendhita kuwi, lunyu rumpil dalane lan kebak grumbul peteng sing akeh pepalange. Kewan galak pating kliwer, ula mandi pating tleser, gegremetan mawa wisa mblader.

..........................................................

HONG WILAHENG, SEKARING BAWANA LANGGENG
JAGAD PADHANG ORA KATON PETENG
HIYA JAGAD PRIBADINE DHEWE
SAKEHING NAPSU DISELEHAKE

TIDHEM PREMANEM
ADHEM, AYEM

---------------------------------------------------------

Pendhita waskitha sing sing awas paningaling batin, kanthi sareh mejang kawruh : KOTHONG NANGING ISI, ISI NANGING KOTHONG, hiya kawruh sing dadi entek-entekake kawruh, wis ora ana kawruh liyane sing ngungkuli lungite kawruh iku.

--------------------------------------------------------

HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG
PARA CANTRIK LUNGGUH MENENG

-------------------------------------------------------

Ing nalikane Sang Guru mbeber ilmu marang sawetara cantrik sing bisa tekan pucuk gunung kanthi kebak tatu saka tiba-tiba glundhung jurang, sepi nyenyet tanpa ana swara liyane. Manuk-manuk sing adate padha ngoceh, padha meneng,
kaya ora kepengin ngganggu pangandikane Guru.
Tekan gegodhongan ora ana sing obah, samirana datan lumampah.
Mendhung tumiyung ing sandhuwuring gunung hiya padha miyak sumingkir mamprung.

------------------------------------------------------

Guru : Kabeh wong urip wis mesthi duwe kesenengan,kang mengkono iku ora kleru mungguhing urip. Ana sing seneng IJO, ana sing

ABANG, ana sing seneng PUTIH, ana sing seneng BIRU, ana sing seneng KUNING ,lan sapanunggalane. Lumrahe, wong sing warnane IJO, sing diarani apik ya sing warnane ijo. Yen ora ijo, diarani ala. Uga sing warnane ABANG, yen ora abang ya diarani ala, merga ora padha karo kesenengane. Sing PUTIH, sing BIRU, sing KUNING, uga kaya mengkono panganggepe. Warna-warna iku yen kumpul, padha ngelem warnane dhewe, nacat marang warna liyane, anane mung bakal dredah, congkrah. Mangka sawernane warna iku mau, godhong kang IJO, sulaking srengenge sing ABANG, mega sing PUTIH, langit sing BIRU lan rembulan sing KUNING, saka endi asale warna-warna iku mau? Mara coba grayangana saka weninging pikirmu, alusing rasamu. Iku kabeh asale saka Pangeran, hiya Gusti kang murbeng dumadi. Dadi ora kena poyok-poyokan, gegethingan. Urip ora kena mengkono kejaba kudu bisa ngajeni marang sawernane warna isen-isenening ndonya.

Wong-wong sing padha duwe kesenengan warna dhewe-dhewe iku mau, sebute padha karo duwe ISI, ya isi kesenengan sing manjing ing jroning jiwane. Bedane warna iku mau, ora beda kaya wong sing beda-beda enggione nggilut agama.Siji lan sijine sing ora padha agamane, kena wae ngelem agamane dhewe sing paling apik, nanging aja pisan-pisan nacat ala marang anane agama liya. Nanging angel mungguhing wong kanggo nampa anane sing liya, yen ora sinartan kawruh kasampurnan. Kepiye laku-lakune, mengko yen wis padha ndunung, gegemen sing bakuh, aja pisan-pisan ceblok ilang saka sembranamu nggonmu nggegem.

-----------------------------------------------------

HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG
HIYA KEMBANGE JAGAD KANG MEKROK NGGANDA ARUM TEKAN JAMAN LANGGENG

-----------------------------------------------------

(BERSAMBUNG)

GEMBONG

Sebelum Gembong diajukan ke pengadilan, Gembong pernah akan ditembak oknum bersenjata gara-gara ia mengusik pohon mangganya. Bukan mencuri buahnya, lantas diadili. Bukan. Tak ada sangkut-pautnya. Tapi benar adanya bahwa dua kejadian itu erat dengan watak Gembong yang pemarah.Jika sedang marah luar biasa, kepala Gembong cekot-cekot jika tidak meremukkan sesuatu. Gelas piring dibanting, mangkuk cawan jadi korban. Atau apa pun yang berada di dekat tangannya saat kemarahannya menggelegak, dibantingnya. Sepertinya baru terpuaskan setelah itu. Kepalanya pun menjadi ringan. Istrinya yang sangat kesal, berulangkali memperbaharui barang-barangnya, pernah mencercanya sebagai pemborosan.

SENIMAN

Tanggal 17 Agustus kemarin, bendera merah putih di tetangga sebelah saya, berkibar oleh hembusan angin yang kencang. Terpakan angin yang tak henti menjadikan bendera bergerak hidup penuh semangat, bagai semangat juang para pendahulu kita yang berhasil mencapai kemerdekaaqn. Dan, sejak pagi tadi tgl 18/8, tak ada hembusan angin sehingga bendera itu terkulai lemas bagai kehilangan semangat. Bahkan oleh tetangga sebelah, pukul 10.00 tadi, ketinggian bendera diturunkan menjadi setengah tiang.Itu yang membuatku terkejut.

"YA, tanda berkabung dalam kesedihan," jawabnya ketika kutanya alasannya." Setelah merdeka, bahkan sudah 65 tahun, tak juga mencapai masyarakat adil-makmur. Bahkan rasanya makin jauh saja. Lalu untuk apa lagi masih harus pasang bendera sepenuhnya jika yang di atas teryata juga belum sepenuhnya bekerja juntuk rakyatnya?"

"O...,begitu?" gumamku.

"Menurut sampeyan gimana?"

"Sampean berbakat menjadi seniman, tidak menjadi birokrat." jawabku.

Percakapan

Mesin tulis lamanya, Royal 202 yang kotor, dikeluarkan dari kolong tempat tidur. Debu tebal dan serat-serat kapuk yang rontok dari kasur usangnya, rata memenuhi permukaannya. Dan, mesin tulis barunya, Brother 850 TR, menegur setelah Royal ditinggalkan di lantai dekat kaki meja.
"Aku pernah melihatmu, dua tahun lalu, ketika aku dijinjing memasuki rumah ini. Kupikir kau terus dikemanakan. Baru nongol sekarang dengan begitu kotormu," tegur Brother dari atas meja kerjanya yang penuh buku-buku, majalah, dan koran.
"Ia tak lagi menghiraukanku setelah ada kamu. Bahkan aku dibesituakan ke kolong tempat tidurnya. Banyak yang kudengar apa yang mereka bicarakan di saat-saat menjelang tidur," jawab Royal yang selama ini tidak pernah ditutupi di kolong itu. Tutupnya telentang di atas lemari penuh kaset-kaset lama.
"Tapi tak apalah. Justru aku istirahat sepenuhnya di usia tuaku setelah dua puluh tahun penuh kerja keras."
"Aku pun kerja keras. Terus-menerus, seperti tak akan pernah ada akhirnya.""Ia pengarang."
"Ya, tentu aku pun tahu."
"Pengarang sastra Jawa."
"Ya, dengan honor yang kecil."
"Honor tidaklah penting baginya."
"O, benarkah?"
"Istrinya yang sesekali mengomel."
"Ya, itu biasa. Perempuan di mana pun sama, suka uang banyak."Keduanya mendadak diam begitu mendengar langkah kaki mendekat.

Lelaki kurus itu, yang disebutnya pengarang, menyapu Royal dengan kuas bekas hingga bersih, tapi tidak debu di bagian dalam yang tak terjangkau kuas. Pita setengah baru milik Brother dipindahkan ke tempat Royal dan digunakan mengetik beberapa kalimat sekedar ingin melihatnya lagi kemampuan kerjanya.
"Ah, payah," gumamnya kecewa melihat hasil ketikan yang telah dapat diduganya. "Dengan diservis barangkali akan agak lumayan," sambungnya.

Huruf-hurufnya sudah tumpul dan tajam sehingga lebih sering mengganti pitanya yang cepat hancur bolong-bolong. Itu pun dengan hasil ketikan yang tidak lurus lagi, bergelombang, naik-turun. Bahkan sambungan tangkai huruf N, patah. Terpaksalah N dilepas, dipindahkan ke tangkai lain yang baginya tidaklah penting (tangkai angka pecahan 1/4 ; 1/2).Barulah kemudian Brother menggantikannya, sejak dua tahun lalu. Namun karena satu hal, Royal kemudian menyambung setelah lelaki itu pergi ke belakang, "Aku akan kerja lagi. Itulah sebabnya pita baikmu dipindahkan ke tempatku. Kau akan dibawanya pergi."
"Ke mana?""Kau akan istirahat penuh di sana."
"O, tentulah menyenangkan."Brother dijinjingnya ke luar dengan langkah yang berat, sementara istrinya yang kasihan memandang dengan tangis tertahan. Namun rumah gadai yang didatangi membuatnya terkejut ketika juru taksir hanya mematok Rp 50.000,- dengan bunga 1,75 persen per 15 hari. Keheranan, tak habis pikir, bagaimana barang yang masih sangat mulus, yang dibelinya Rp 400.000,- dari toko, taksiran gadai maksimal hanya Rp 50.000,-. Tak lebih serupiah pun, apalagi Rp 100.000,- seperti yang dimintanya. Terpaksa dibawanya ke rumah gadai lain, naik bis lagi dan lebih terkejut lagi, karena tak laku."Elektro, Pak, mau. TV, VCD, tape atau radio."
"Memangnya kenapa mesin tulis?" sahutnya kesal.
"Maaf, Pak." Juru taksir beralih melayani seorang wanita yang menyodorkan dua potong kain panjang. Dua potong kain panjang yang telah usang itu laku digadaikan. Hal itu menjadikan Brother mengumpat dan diceritakan sedikit pengalamannya itu kepada Royal."Juru taksir itu menghinaku. Memandangku rendah, teramat rendah, sepertinya aku ini rongsokan yang tak bernilai. Masih lebih terhormat kain usang yang berbau penguk, terlayani."
"Kain panjang, seperti halnya sendok, piring, mangkuk, akan cepat laku dilelang jika tak diambil oleh pemiliknya. Itulah barangkali pertimbangannya hanya menerima barang-barang yang dibutuhkan masyarakat luas. Kita hanya diminati oleh orang-orang tertentu saja," jawab Royal menjelaskan.
"Tapi aku lebih senang kau kembali ke rumah daripada menganggur di sana."
"Ya, tentulah begitu maumu, agar kau tak kerja lagi."
"Kau masih muda, jangan menyia-nyiakan waktumu. Menganggur tak membuatmu berjasa dalam kehidupan," sahut Royal.
"Kerja dan kerja, itulah nyala semangatku ketika aku masih muda perkasa seperti kamu. Bahkan sekarang pun, jika memang terpaksa, aku masih sanggup melakukannya, jika ia mau menerima aku apa adanya. Ya, seperti inilah sekarang, sudah tidak tegak lagi, seperti orang renta yang jalannya bergoyang. Eh eh eh eh eh eh…" Royal terkekeh, lalu menyambung, "Banyak karya baiknya yang dikerjakan dengan jasaku. Dan itu membuatku bahagia, jadi kenangan indahku."Royal diam setelah itu. Brother pun tak bergeming karena lelaki itu, pengarang yang guru SD itu, menghampirinya, memindahkan pita setengah baru ke tempat Brother seperti semula.
"Seharusnya kau memang tetap tinggal di rumah. Ada setiap saat seperti cangkul seorang petani yang tak pernah lepas dari tangannya," gumamnya menepuk Brother yang bodinya terbuat dari ebonit warna kombinasi hitam dan putih.

Teringat kemudian ia kepada anak bungsunya yang kuliah di Unibraw, Malang, yang kemarin lusa telepon minta uang segera Rp 250.000. Sisa persediaan uang belanja Rp 150.000 terlibas untuk kebutuhan anaknya itu. Istrinya masih kelabakan mendapatkan Rp 100.000 kekurangannya pinjam uang tetangga, setelah tak diperolehnya dari pegadaian.
"Kita lebih sering kesulitan uang, sekarang," kata istrinya yang telah berdiri di belakangnya.
"Yah, beginilah. Rambut pun dicukur jika laku dijual untuk yang kuliah."
"Belum lagi untuk seterusnya," lanjut istrinya menyebut anaknya yang baru semester satu.
"Masihkah kau larut menekuni sastra Jawa-mu dalam keadaan seperti ini?" Suaminya tak bersuara, menatap dua mesin tulisnya.

Biasanya, jika istrinya mencerca imbalan kepengarangannya yang kecil, si suami jika tidak sedang malas bicara, menjawabnya dengan jawaban yang sama, bahwa sastra Jawa yang merana, yang kembang-kempis tinggal bergantung di tiga majalah yang ada, bukanlah landang subur untuk mendapatkan honor yang lebih. Sebaliknya justru menuntut pengorbanan para pengarangnya untuk ikhlas berkarya tanpa mempersoalkan imbalan. Siapa lagi yang menjaga kelestariannya jika bukan orang Jawa?"Dan kau akan terus menjaganya dalam keadaan kita tertekan seperti ini? Tulislah dengan bahasa lain yang honornya sekian kali lipat lebih gede untuk kelancaran kuliah anak kita," tegas istrinya sambil berlalu.Suaminya bangkit, mengikuti istrinya. Meminta uang untuk segera ditransfer ke rekening anaknya di Malang."Istrinya memang mata duitan, kaudengar sendiri," celoteh Royal kepada Brother.
"Untunglah suaminya tak pernah mempedulikan. Jiwa-raganya, pikiran dan perasaannya telah menyatu, dicurahkan sepenuhnya pada sastra Jawa."
"Istrinya benar untuk sekarang. Aku mendukung."
"Apa maksudmu?" Royal terkejut.
"Kau mendukung istrinya yang menyeretnya menjauhi sastra Jawa? Aku tak setuju!" seru Royal yang sepanjang hidupnya bergelut akrab dengan sastra Jawa.
"Tiga puluh tahun lebih ia menekuninya. Dua puluh tahun denganku, dan sepuluh tahun sebelumnya, dengan Royal 201, kakakku. Datang kau kemudian."
"Jika itu benar, artinya, ia telah menjadi orang Jawa yang baik di bidangnya. Jika kemudian ia ingin belajar menjadi orang Indonesia yang baik pula di bidang yang sama, apa salahnya?""Itu pengkhianatan."
"Tugasmu sudah selesai. Akulah sekarang yang menghadapi kenyataan dengan kerja kerasku."***

Setan

Tiga setan meronta, menendang-nendang kesal terkurung di ruang sempit sudut surau. Tumpahlah sumpah serapahnya menjumpai Kiai Zuber Alam yang tengah mengajar para santri.

"Kau tak berhak mengurungku semenit pun. Ini pelanggaran, melawan takdir," ucapnya masih menendang-nendang.

Kiai Zuber tak mengacuhkan selain masih mempercakapkan manusia yang makin rapuh menghadapi godaan. Manusia yang senang membanggakan diri sebagai makhluk paling sempurna ternyata banyak yang munafik, dan selalu terlambat memperbanyak ibadah. Kekuasaan, kemewahan, dan segala macam kenikmatan dunia digenggamnya dengan cara-cara kotor, keji, bahkan juga dengan membunuh sesama untuk kepentingannya.
Barulah disesali kejahatan-kejahatannya setelah renta, tinggal selangkah dari liang lahat. Satu pertanyaan mendalam, menjelang ajalnya, terngiang mengusiknya. Lalu untuk apa semua itu jika pada akhirnya manusia akan berpisah dengan kesenangan dunia yang memperdayakan?

"Itulah manusia, makhluk paling sempurna hanya dalam kata-kata. Kelengkapan pikir dan perasaannya yang membedakan dengan binatang, kurang digunakan untuk tujuan mulia," lanjut kiai sambil membetulkan letak kopiahnya.

Kiai terdiam sejenak. Tak satu pun santri bersuara, kecuali ocehan setan.

"Lepaskan kami sekarang juga. Atau Tuhan yang akan mengutukmu karena kau melampaui batas. Tentulah kau sudah amat paham, bahwa Tuhan telah mengizinkan permintaan bangsa kami untuk senantiasa menggoda anak cucu Adam sampai akhir zaman. Kau melawan kehendak-Nya jika mengurungku dari kehidupan manusia."

"Mengurungmu? Menurutmu aku yang mengurungmu?" desis kiai menepis tudingan.

"Waktu yang berharga telah terbuang sia-sia."

"Kau sajalah yang ceroboh. Salah masuk surau hingga membuatmu terperosok," sambung kiai membuat para santri makin terlongong.

Bengong terlongong tak mengerti juga siapa lawan bicara gurunya. Terlebih kaget lagi setelah gurunya mengutarakan apa yang dilihat dan didengarnya. Kaget ternganga, saling pandang, dan nyalang menatap ke sudut surau yang ditunjuk gurunya.

"Seperti apa setan itu, Kiai?"
"Seperti yang kau bayangkan."
"Oh..," gumamnya terangguk-angguk. "Tentulah amat buruk."
"Waspadalah terhadap tipu muslihatnya."
"Apakah kelak Kiai menurunkan ilmu itu kepada kami?" tanya Abdul Rozi yang baru mengetahui gurunya menggenggam ilmu untuk menerobos masuk ke alam ghaib. Juga para santri lainnya, tak pernah tahu sebelumnya. "Ilmu itu sangat menarik."
"Menarik untuk kepentingan apa?" tanya kiai.
"Untuk memenjarakan setan-setan biang segala kebobrokan, Kiai. Seluruh setan yang berkeliaran di sekitar sini akan kami tangkap agar orang-orang sini terbebas dari bujuk rayunya yang menyesatkan," jawabnya bersemangat.
"Itu ngawur! Omongan ngawur! Mulut besar asal membual!" sahut setan gusar mendengarnya. "Seperti yang telah dikehendaki takdir, bahwa kami pun hidup di dalam pembuluh darah manusia sebagai penguji. Mana yang iman dan mana yang kufur, mana yang baik dan mana yang buruk bisa dibedakan jika tak ada peranku?"

Kiain umur 70 tahun itu sepatah pun tak menanggapi selain masih mengelap kacamata dengan kain sarungnya. Sementara Abdul Rozi masih terus bercakap dengan kawan-kawannya bahwa nantinya akan lebih banyak setan yang dipenjarakan jika gurunya telah menurunkan ilmu ghaib yang dikaguminya itu.
Dan, sepekan setelah itu, setelah kawan-kawannya pulang mengaji dari surau, Abdul Rozi mengeluh kepada gurunya. Dia menceritakan bahwa Abdul Ghofar, kakak kandungnya celaka, menjadi korban balas dendam setan.

"Setan-setan laknat itu, sebagaimana ruh jahat, tentulah marah, terperosok. Jika setan menganggap Kiai terlalu kuat, bisa saja dendamnya ditimpakan kepada santri-santri atau anggota keluarganya. Kak Ghofar yang terkena, terjerat bujuk rayu balas dendamnya," kata Abdul Rozi dengan muka kusut, serasa tercabik-cabik perasaannya, tercoreng nama keluarganya, ikut menanggung aib atas peristiwa kakaknya. "Maafkan, Kiai, dua hari ini saya tak datang mengaji karena malu keluar rumah."

"Sabarlah. Kuatkan imanmu menghadapi cobaan, seberapa pun pedihnya," kata gurunya yang telah pula mendengar kejadian atas diri Abdul Ghofar.

Namun nasihat itu tak cukup menghiburnya. Bahkan wajahnya mendadak tegang, terlontar ujarnya penuh kebencian. Seandainya ia mampu menerobos ke alam ghaib seperti gurunya, setan yang menjerat kakaknya, yang meruntuhkan martabat keluarganya, akan dihajarnya.

"Oh...baiklah. Ayo kita cari dia," ajak kiai yang tak ingin kejadian pekan lalu di suraunya disesalkan Abdul Rozi sebagai penyebab timbulnya petaka yang menimpa keluarganya. "Ambillah air wudhu," perintahnya mengajak sholat malam terlebih dulu dan melakukan wiridan setelahnya.

Larut malam, dalam keremangan surau yang sunyi, Kiai Zuber membawa serta muridnya menembus alam ghaib, menangkap sejumlah setan yang berkeliaran di dekatnya. Abdul Rozi tak dapat menghitungnya karena tampak begitu kabur dalam pandangannya. Meronta malang-melintang berputar-putar tak menemukan jalan keluar. Gaduh, ribut menendang-nendang dalam kebingungan.

"Kaliankah yang pekan lalu terperosok di surau ini?"
"Tidak satu pun di antara kami. Tapi kami mendengar akan hal itu," terdengar jawaban sesaat setelah kegaduhan terhenti. "Adakah yang dapat kubantu?" lanjutnya menawarkan jasa.
"Kulepas satu di antara kalian. Cari tahu siapa mereka. Bawa mereka kemari."
Satu setan melesat bagai percikan bunga api yang lenyap dalam kegelapan. Dan sangat cepat pula berbalik dengan tiga setan yang dicari Kiai Zuber.
"Pasti kalian yang menjerumuskan Abdul Ghofar ke jurang kenikmatan yang hina itu," tuduhnya tak sabar seperti mewakili ketidaksabaran Abdul Rozi.
"Ha ha ha ha ha ha...hu hu hu hu hu hu...," tawa setan meledak terkakak-kakak serasa geli teringat sesuatu.
Tapi tawa itu dirasakan Abdul Rozi sebagai ejekan yang menusuk perasaan sehingga bibirnya gemetar menahan emosi.
"Jangan buru-buru menuduh kami. Tapi kami memang senang melihatnya saat bergumul cekikikan, saat panik ditangkap massa, dan digiring ke balai desa malam itu juga dengan diterangi lampu petromaks. Sekalian diiringi tetabuhan dari kaleng-kaleng bekas, membuat kami berjoget ria oleh bunyi-bunyian itu."

Meski luapan emosinya makin memuncak, mulut Abdul Rozi seolah terkunci. Tak dapat terlibat dalam percakapan karena keberadaannya hanya menumpang gurunya. Tak lebih hanya sebatas mendengar dan melihat sosok ghaib yang demikian kabur.
"Seharusnya perempuan gelapnya ditelanjanginya pula. Tak hanya si hidung belang itu yang dilucuti tinggal celana dalamnya," lanjut setan kemudian. "Tapi kau salah jika setiap kebobrokan selalu ditimpakan kepada kami sebagai penyebabnya."
"Tak salah lagi, kaulah memang biang segala kerusakan dan kebejatan. Kau pendusta besar. Penipu ulung," balas kiai.

"Saebagaimana anjing atau binatang lain, bertindak sesuai tabiat masing-masing. Anjing, sekalipun tinggal di rumah mewah, minum susu dan makanan berlimpah, tak akan dapat meninggalkan tabiat busuknya. Masih ke kubangan sampah mengais sisa makanan kotor," seru setan beralasan.
"Manusia bukanlah anjing."
"Apa bedanya soal tabiat?"
"Katakan yang lebih jelas."
"Sudah jelas bagimu, Zuber, meski kami diam sekalipun."
"Belumlah jelas bagi yang di belakangku."
"Oh...itu? Muridmu yang pernah ngomong ngawur itu?" ujar setan, lalu diam sesaat seperti masih menatap Abdul Rozi. "Kakak kandungnya pezina. Itulah tabiatnya, biang yang bercokol kuat pada dirinya. Terhadap pezina, tanpa kami bujuk pun pastilah akan terjadi, tak lama setelah kencan dengan lawan jenisnya."

Abdul Rozi serasa terbanting mendengar itu, serasa baru terbuka matanya bahwa kakak kandungnya memang suka main perempuan. Barulah setelah ditangkap massa membuatnya begitu terguncang. Malu luar biasa seperti hilang akalnya.
"Juga terhadap anak cucu Adam yang lain, yang telah kami kenal rapuh, yang lebih dikuasai oleh tabiat busuknya, yang mudah tersesat oleh dorongan hawa nafsunya, kami tak perlu repot mendekatinya. Cukuplah kami awasi dari kejauhan saja. Untuk apa. Untuk apa buang-buang waktu yang berharga jika telah dapat kupastikan akan tergelincir dengan sendirinya. Kecuali terhadap orang-orang beriman, kami benar-benar harus kerja keras membujuknya."

Tak terdengar lagi celotehnya setelah itu, sampai Kiai Zuber bangkit, kembali ke dunianya. Abdul Rozi menjabat tangan gurunya erat-erat dan menciumnya.** (Dimuat di Jawa Pos Silakan Kunjungi Situsnya! 09/14/2003)

Selasa, 17 Agustus 2010

SAWO GLETHAK

ANA gendhing kuna tinggalane mbah-mbahe wong Jawa, kanthi irah-irahan (judhul) SAWO GLETHAK sing kanggo ing gendhing Tayub.Ana ukarane sing unine : re re re re re...sawo glethak, njenggelek bali maneh. Ukarane ora akeh ora akeh, mung dibolan-baleni , kaya gendhing dolanan sauni-unine. Malah bisa uga, sing nyuwara lan sing padha ngrungokake, akeh sing ora ngerti yen gendhing Sawo Glethak iku isi kawruh sing banget jero ngenani urip kanthi migunakake wit sawo kanggo pralambang (simbul utawa pasemon).

Wit sawo iku beda karo wit pelem,jembu,lsp. Wit pelem,jambu,tekan tuwa uwite isih panggah jejeg,kenceng mendhuwur. Yer wis sawo ora. Nalika cilik jejeg uwite, saya suwe, saya tuwa, dadi dhoyong uwite. Malah akeh sing dhoyonge kaya wis nemplek lemah nanging uwohe isih gembel,mbriyut.Wong urip ing sanyatane uga mengkono, saya gedhe, saya tuwa, awake ya dhoyong (bungkuk,ora jejeg). Nanging senajan wis tuwa, wis bungkuk,bisoa nduweni woh sing akeh kaya woh wit sawo iku mau. Woh sawo sing rasane legi enak, minangka pralambang, bisoa sing wis tuwa iku tetepa nduweni woh sing apik,sing migunani kanggone bebrayan, anak-putu lan buyut. Wohing wong urip ya NGAMALE, KAUTAMANE, KABECIKANE. Awit Kanjeng Nabi uga wis dhawuh : sing diarani wong becik iku,ya wong sing ana gunane kanggo liyan. (Yen kasugihane mung kanggo awake dhewe, arane ya durung becik uripe).Ing akhire wong urip, yen wis tuwa, suwe-suwe ya ora mung plek lemah kaya wit sawo tuwa,nanging ya bablas diurugi lemah.

Mulane, unine uikara ing gendhing :.....njenggelek bali maneh. Tegese, bali njenggelek urip ing kanane, ing alam langgeng ya papan dununging asal-usule. Apa sing bakal ditimbang ing kana ,ya uwite sawo iku, apa nalikane wit sawo iku urip, akeh wohe sing mupangati kanggo sesamaning urip?

DHOKAR

WONG urip, dhokar saumpama. Dhokar iku dumadi saka : JARAN : KUSIR lan GROBAG. Jaran sanepane NAPSU; kusir sanepane ATI lan grobag sanepane (awak) RAGA. Kepenak lan orane playune dhokar, gumantung ing kusire. Yen kusire trampil enggone nyekel lis (kendhali) bisa mekak playune jaran sing (arep) mbandhang, akeh penake.Ngingklik lan kumeproke tracak jaran sing berirama, kepenak uga dirungokake.

Jaran dibutuhake kanggo lakune dhokar, lakune urip. Tanpa jaran (tanpa napsu) dudu wong. Yen playune jaran bisa ngingklik normal, kusire ya kepenak,bisa disambi udut. Senajan jaran sing maune ngingklik kepenak iku malih nakal mbengingeh ,mlayu mbandhang, nanging yen kusire trampil enggone ngendhaleni, jaran dadi manut senajan nganggo njeger-njeger,nylenthak-nylenthak.Merga kalah ana ing panguwasane kusir, jarane dadi saya lulut.

Cilakane yen ana kusir sing ora pinter ngendhaleni ,kalah karo nakale jaran sing mbandhang. Playune dhokar gemradag mobat-mabit kanthi rodha sleyat-sleyot kaya arep coplok. Dhokar nggoling, kusire gandhulan, isih terus diseret jaran sing saya nerak-nerak . Yen kaya mengkono, ora mung kusire sing lara kebak tatu, dhokare, wujuding tata lair : raga, ya katut rusak saka keseret playune jaran edan sing ngluwihi taker.. Playune jaran sing ngawur nyimpang dalan, nabrak-nabrak pager,ora nurut dalan sing bener, uga gawe rugine wong-wong sing ketunjang. (Padha karo para koruptor sing ora bisa ngendhaleni playune napsu pepingane sing kliwat take/srakah, rakyat sing keterak dadi kurban, ngrasakake larane).

Kusir sanepane ati sing nemtokake kepenak lan orane lakune dhokar,lakune uripe. Beja apa cilaka, mulya apa sengsara,wong iku, gumantung ing ati jroning laku pengendhalian dhiri, hiya ngendhaleni urubing napsu pirantining uripe. Saumpama urube geni, ya salumrahe( ana watese, sepira butuhe geni kanggo masak apa kanggo nyumet rokok). Dene kok sembrana nganti kobar mulat-mulat, ngobong apa-apa...,lha iki sing jenenge cilaka ora disangga dhewe. Luwih-luwih wong lanang sing uga kena disebut dadi kusire rumah tangga,dhokare ya ngemot anak-bojone. Yen ora pinter nguwasani watak-playune jaran satemah nggoling, ora mung dhokare (ragane dhewe ) sing bubrah-ringseg, anak bojone ya katut lara, dadi korban.* (Djajus Pete, Bojonegoro).-

AJI ; NGAJI

TULISAN  iki sithik ana sambunge karo tulisanku sing dhisik, bab Agama, Ageman. Taksebut mengkono jalaran ing tembang Jawa kuna karyane pujangga Jawa, ana ukara sing unine : agama ageming aji. Ya saka anane tembung ageming kang ateges "sandhangane" iku taksebut tulisan iki  sithik  ana gandheng-cenenge karo tulisanku sing dhisik.Tembung AGAMA AGEMING AJI iku  ora mung mujudake tembung sing bregas, ngengkreng , nanging uga mujudake tembung sing alus-lungit,endah, edi peni, mibawani, ngemu teges (makna) sing jero, ora baen-baen.
          Tembung Jawa, AJI, nduweni teges : (1) ratu/raja,  (2) wos ; mentes ; bernilai.
          Ratu utawa raja  ing alam ndonya iki, hiya ratu utawa raja sing mengkoni krajan (jaman biyen). Ratu Pajang, Ratu Mataram,,lsp...Kejaba ratu sing aran menungsa, ana Ratu  uga sing  luwih dene gedhe panguwasane, hiya sing ngratoni jagat saisine, Pangeran, Allah Swt. Wis saktrepe yen ana tembung AGAMA AGEMING AJI : agama dadi agemaning Pangeran ( sing banjur tinulis ing Kitab Suci kanggo nata umate).
          Tembung agama ageming aji, uga ateges, agama iku ora beda sandhangan sing ana ajine (bernilai). Sandhangan  hiya sandhangane ngaurip, isi kawruh ,ilmu, pangerten sing padha digilut umate (pengikute).
          Tembung aji uga ateges wos, mentes ( bernas) , bernilai, berharga.
          Mulane,santri sing sinau ing langgar utawa ing pondhok,sebute NGAJI, tegese : golek (kawruh) sing aji, sing wos, sing  mentes, ya bab tuntunane ngaurip sing aran agama.
          Takaturi tunggale ing tembung Jawa  saka kata dhasar ,suku kata depan : a.  Yaiku  (1)  arit,dadi ngarit : golek suket nganggo arit , (2) akal dadi ngakal, tegese, golek akal.  Kanthi mengkono tembung ngaji  tegese
ya golek (kawruh) sing aji. (Yen bisa klakon enggone golek sing aji   lan bisa nganggo, wong mau bakal dadi wong sing ana aji-ne bisa  diajeni  wong saka martababe sing becik, nuhoni kautaman ).Yen ana sing takon : apa tembung KAJI ya ana hubungane karo bab sing AJI iku mau? Wangsulanku : lha ya ,embuh, pikir dhewe. Wong nek diterus-terusake, ngene iki ra ana bare.*      (Djajus Pete,Bojonegoro)

MAKNANE ILIR-ILIR

lir, ilir,lir, ilir,tandure wis sumilir
takijo royo-royo, taksengguh penganten anyar
bocah angon, penekna blimbing kuwi
lu, lunyu, ya penekna,kanggo masuh dodotira
dodotira, kumitir bedhahe pinggir
jumatana, dondomana, kanggo seba mengko sore
mumpung padhang, rembulane
mumpung jembar kalangane
ya suraka..., surak hore.

          Tandur sing ijo royo-royo iku sanepane bocah sing katon seger awake. Tandur  iku terus kepiye ing sabanjure,bisa ngasilake woh (pari) sing mentes apa gabug. Iku kari gumantung ing pangrumate.( Sing kuwajuiban ngrumat, ya sing nduwe tanduran, wong atuwane. Kepiye olehe ndhidhik,nggulawenthah, mulang-wuruk).
          Senajan sing maune bocah iku ing sateruse dadi penganten (dewasa), iku ya  ora beda kayadene bocah angon. Kaya isih boca sing,durung pinter, ndadak kudu angon...., hiya ANGON HAWA NAPSUNE. Angon hawa napsu iku banget angel,akeh lan gedhe pepalange,  ora beda kaya menek wit blimbing sing lunyu, mlorat-mlorot.. Wohing blimbing plimpingane lima,ya lakonana sholat limang wektu, sranane.  Angon hawa napsu sing memtokake beja lan cilakane urip. Yen bisa angon, ya beja,  slamet uripe,kanthi nindakake sholat. Sholat ya  kudu weruh dununge, weruh i inti maknane : dilakoni, diamalake. HABLUM MINANAS,  HABLUM MINALLAH, gawe kabecikan marang sapepdhane urip lan bekti marang Pangeran,Allah Swt.
          Senajan bener wis  nglakoni, nanging sing aran menungsa, ya isih kedunungan luput, kedunungan dosa awit wis kinodrat yen menungsa iku dudu makluk sing sampurna.Wis mesthi duwe salah, kanggonan dosa jroning angon hawa napsu sing pancen rumpil,angel.  Dosane, ing tembang iku, disanepakake kayadene SUWEK DODOTE. Dodot iku sandhangane wong  Jawa jaman biyen saka jaruit, dibebetake. ora beda kaya sing diagem Kanjeng Sunan Kalijaga. Suweke dodot  sing KUMITIR BEDHAH pinggir, dondomana kareben ora katon ala,kanggo  SEBA MENGKO SORE (bali menyang jaman akhir, marak  seba ing ngarsane Gusti).
         Mumpung saiki isih urip ,mumpung isih padhang rembulane, ya enggala  ndondomi sandhangane sing suwek  iku.  Nyuwun ngapura, tobat, saya ngakehi-akehi gawe kabecikan. Yen nganti kasep,rembulane wis surup, peteng, kok lagi eling durung dondom...,lha, kojur...Ora wurung enggone  seba kanthi sandhangan suwek pating slawir,ala dadine... Nanging yen wis bisa tata-tata ing sadurunge, bisa slamet, tembunge : padhang dalane, jembar kubure........ YA SURAKA....,SURAK HORE. Surak seneng nemoni kamulyan.
         Termbang sing ngandhut makna pasemon mengkono iku mau, ya gumantung masing-masing kepiye enggone ngonceki, kepiye enggone maknani. Iku gumantung ing kadewasan pikir lan rasane dhewe-dhewe.  Bisa wae sanak-kadang liyane  kagungan oncek-oncekan sing beda, Ya nyumanggakake lan prakara  ngonceki (napsiri) mengkono iku ya ora kena kanggo bebantahan.( Turmaneh enggonku  ngempyangi melu fesbukan mengkene iki, butuhe ya mung melu ngrejakake. Bisa sambung enggone memitran karo sanak-kadang, mitra kinasih, mumpung isih padhang rembulane. Mumpung isih padha weruh padhange jagat, jagad kang gumelar tekan  jagading MAYA,  melu golek sing sakira  mupangati ).(Djajus Pete,Bojonegoro)

HUUUUUUUU..........

DONGENG maneh, nanging dudu pasemon,isih sambung karo Sunan Kalijaga. Nalika Kanjerng Sunan Kali tindakan, ing dalan pirsa  kodhok montang-manting diuber ula." Huuuu....," mengkono Kanjeng Sunan nyuwasra, njalari ula sing nguber kodhok mandheg lan nyuwun pirsa. Apa kersane Kanjeng Sunan kok nyuwara Huuuu....
           " Huuu kuwi mau, tegese HUNTALEN, jalaran kodhok iku wis dadi panganmu."
           "Wadhuh..., kojur ane. Mencolot nyang ndi iki mau? Ilang, ndlesep neng grumbul," grenenge ula sing ing batin nyalahake awake dhewe dene  ora bisa tanggap kersane Kanjeng Sunan."ula ingkang bodho,mboten tanggap ing sasmita."semambunge banjur pamit nggoleki kodhok sing wis embuh parane, ora ketemu.
           Kodhok sing digoleki sabenere mung ndlesep ing njero leng  sacedhake4. Salungane ula,.kodhok mencolot rikat nututi Kanjeng Sunan,lan nyuwun pirsa, ana apa kok Kanjeng Sunan mau nyuwara Huuu...
          " Huuu  kuwi mau, tegese HUCULNA. Mula kowe ora sida dicaplok ula."
          "O...,ngaten. Menawi mboten kepanggih Njeng Sunan, bar awak kula....,temtu sampun kecaplok sawer. Matur nuwun, Njeng Sunan."
          Ya mengkono iku kudune dadi wong sing urip ing satengahe bebrayan, kaya Sunan Kali sing ana ing antarane ula lan kodhok iku mau. Ora ana endi sing disenengi lan ya ora ana endi sing digethingi.  Karo ula, apik. Karo kodhok ya apik. Ya mengkono iku sing aran wicaksana.  Kudu bisa KARYENAK TYASING SASAMA , sing tegese, gawe enake sapadha-padha. *

ORONG - ORONG

NALIKA  arep ngedegake  mesjid Demak ,Kanjeng Sunan Kalijaga uga melu tumandang nyandhak kayu kanggo balungane mesjid. Nalika kuwi, ana orong-orong keterak pasahe Kanjeng Suinan nalika Kanjerng Sunan masah kayu.Orong-orong sing mati tugel gulune,dening Kanjeng Sunan bisa diuripake maneh kanthi gulune disambung nganggo tatal kayu jati. Mula tekan saiki, ing njero gulune orong-orong ,ana balung kaya kayu sing jare,  miturut dongeng, asale saka orong-orong sing disambung tatal iku.
              Miturut sing takrungu saka sawenehing winasis (wong pinter), crita bali uripe orong-orong sing disambung tatal dening Sunan Kalijaga iku ngayawara.  Senajan bener Kalijaga iku sunan peng-pengan, bontos kawruh Islam lan Kejawene, ngayawara yenbisa ngundang baline nyawa sing wis ucul  awit kang bisa tumindak  ghaib  mengkono iku mung Pangeran. Dadi sing bener, bali uripem orong-orong sing disambung tatal kayu jati iku mung pasemon, pralambang,ora sabanere.
           Genahe, miturut sing takrungu saka wong pinte iku , mengkene :
           SIRAH iku dununge uteg (pikiran ) dene GEMBUNG dununge ati (rasa). Kanggo percaya marang anane Pangeran, Allah,ora bisa mung saka dayane pikir. Lan uga ora bisa yen anane Pangeran iku mung dirasakake thok sarana ati.Sirah lan gembung, hiya dununge pikir lan rasa, kudu sambung. Dipikir lan dirasakake  :  dirasakake lan dipikir, bener yen Pangeran iku temen-temen ANA. Wong-wong sing ora percaya utawa kurang piyandele marang anane Pangeran,  mung saka nggunakake pakartine sirah utawa pikir, tanpa nganggo  ngrasak-ngrasakake.Bener sanepan dongeng orong-oronge Sunan Kalijaga sing uripe  disambung nganggo tatal   kayu jati. Tegese : yaiku    se-jati-ne urip, kudu sambung antarane  pikir lan rasane kanggo percaya manteb marang anane Pangeran.
          Luwih mantebe, ora mung percaya saka maca unine buku lan uga ora mung saka krungu khotbahe Kiai utawa Pendhita. Nanging saka manunggaling pikir lan rasane sing jero satemah kaya bisa weruh klebate sing ghaib-ghaib. Tembunge sing bregas : Iman adalah bisa melihat yang tak dapat dilihat.*

URIP

WONG urip kok ora ngerti marang dununge urip. Yen ora ngerti jenenge dudu wong urip, nanging mung wong -wongan utawa mung urip-uripan.. Nanging apa hiya, kula,ndika lan sampeyan gelem diarani mengkono?  Wis genah emoh! Yen emoh diarani mengkono, banjur kepiye supaya ora diarani  wong-wongan?
Wangsulane, kudu seneng ngakeh-akehi gawe kabecikan. Eling marang dhawuhe Kanjeng Nabi, yen  sing diarani wong becik iku, ya  wong sing ana gunane kanggo liyan.
      Sing sugih mbantu sing miskin ; sing pinter mbantu sing bodho, sing rosa  mbantu sing ringkih ; sing gedhe mbantu sing cilik, lan sateruse... Mengkono iku arane nindakake wajib , jalaran Pangeran,Allah...,ngodratake nasibe umate beda-beda  (kosok-balen) kaya mengkono kanggo ngubengake laku jantraning ndonya, ubeng ingere  urip, umate. Sing sugih kudu rumangsa yen enggone kinodrat sugih amrih bisa mbantu sing miskin, mengkono kersane Pangeran (Sing ngawaki, menungsane, kudu bisa rumangsa dhewe). Ora kok malah kumenthus rembuge," Lho,kok penak, trima adhong-adhong ngenteni diwehi wong?  Sugihku saka olehku nungsang njempalik rina-wengi...,Ya kesel tenan, gemrobyos, melar-mingkus ambeganku..Perkara ewek-ewek, menehi, ya sak-sukaku. Menehe apik, ora ya apik.  mBokarani pait, medhit, pelit....,ya arep mboyak. Apa ya terus dosa nek medhit? Kaji-Kaji kae rak ya akeh sing pait. Paite ora mung kaya butrawali,ning nemen, ngungkuli paite jadham Arab.

      Sing rumangsa pinter hiya kudu rumangsa yen enggone kinodrat pinter, kareben bisa mbantu sing bodho.Ora kok malah dienggo  minteri uwong, ngakali uwong, mblithuki uwong...Ya  genah ora bakal slamet wong-wong sing padha nyimpang saka kautaman, maksiyat...Lawas utawa enggal, wis mesthi bakal ketiban "sing ora kepenak" saka Gustine. Iku wis mesthi, wong urip bakal ngundhuh wohing pakarti,wohing panggawe. Ya yen ora kepenake dilakoni dhewe. Yen sing ketiban anak,puitune...,apa ora gawe sengsara turune? Biyen embah-embahe tau mateni wong....,mulane, saiki, putune ya ana sing dipateni wong. Biyen,embah-embahe, kondhang dadi maling sing julig,mulane,saiki...,ya ana putune sing dadi bandhol rampog. Mengkono iku, tegese, wong urip kudu tansah ngati-ati ing samubarang tumindake, jalaran bakal ana sambunge karo nasibe anak-turune. Yen seneng nindakake kabecikan, kejaba awake dhewe bakal oleh kabecikan, anak-tuirune ya bakal oleh kabecikan (saka ngundhu h tandutane embahe), oleh pitulungan, ya embuh saka kersane Pangeran. Budhala golek gawe...,ya ndilalahe  ana sing tetulung mapanake, ora kesurang-surang entek sangune, mulih nganggur,balki  ndhoglog neng omah, kelop-kelop.... (Jebule, mbahe utawa bapake, seneng ngapusi wong. Lha ya wis pas, mathuk yen anak-ptuine nemoni nasib ala,, saka adiling Sing Kuwasa).
      Dadi, gampange rembug, wong urip iku kudu bisa rasa-rumangsa. Ora kok rumangsa bisa (angkuh,gumedhe  enggone bisa sugih ; pinter ; kuwat ; gedhe....) Saka rumangsane, bisane mengkono iku, mung saka pambudidayane  dhewe. Ora  gelem mikir-ngrasake yen "kaluwihan"  iku ing satemene  saka panguwasane Pangeran kanggo nata gelaring ndonya, jagading menungsa. Sing kesampiran AMANAH, kudu rumangsa wajib nindake ing urip sadina-dinane.* (Djajus Pete)

SENENG

APA sing digoleki wong urip ing ngalam ndonya iki ? Wangsulane mung satembung : SENENG .Ora ana wong urip kok golek sengsara, kelara-kelara..Kabeh golek seneng. Selagine tekan puputing umur, mati, ya isih ngarep-arep bisane oleh seneng, mlebu  swarga. Lan batine ya seneng yen ing kana bisa ketemu karo kabeh sedulure kanthi kahanan becik.Mung ana ing empering swarga ora dadi apa,ya wis seneng , tinimbang  diuncalake mrana kae.
Senajan bener kabeh golek seneng, nanging seneng iku ana rong werna, 1) seneng sing mbarokahi, 2) seneng sing mitunani. Miilih sing endi, ya nyumanggakake.Wong urip pancen wenang milih ing antara rong pilihan  :
               Milih keset apa milih sregep
               Milih bener apa milih luput
               Milih apik,apa milih ala
               Milih beja apa milih cilaka
               Milih mulya apa miolih sengsra
               .....................................
              Kabeh iku kari gumantung ing pilihane dhewe-we. Mung wae yen kleru enggone milih, kok banjur sara awake, ya aja nyalahahe wong liya. Piye lan piye,  apa dadine, ya saka pilihane dhewe.

              Yen milih salah, ya dadi bubrah
              Yen milih ala, ya dadi cuwa,  cilaka
              Yen pilih penak, ya kudu ngajar awak ( sinau , gelem kangelan).
              Yen pilih ayem, ya kudu sing temen
              .........................................................................
              ........................................................................
              WONG urip kudu awas marang lakuning uripe i sing kebak begalan,kebak goda werna-werna sing mencutake. Ngalam ndonya sing katone padhang njingglang iki, ing sanyatane mituruit pamawas batin, KEBAK ANGIN GEDHE, BARAT BANTER, PRAHARA.Sing ora ngati-ati, bakal katut ubenge lesus..., kebenthus-benthus. Konclang disawatake angin, embuh parane.... Uga kena diarani  KEBAK GUMULUNGE OMBAK SING NGGEGIRISI ,KEBAK ULEGAN   SING BISA NGGERET KELEM  WONG SING KURANG PRAYITNA. Angin gedhe lan ombak iku wujude  kesenengan-kesenengan maksiyat sing marahi bujat.( Nanging pancen nyenengake ing wiwitane,akeh wong sing ora kuwat nahan saka banget kepencute.)
             Akeh pejabat, wong  pangkat, wong terhormat.....mlebu tipi  ngandhani rakyat.Nanging rakyat wis ora butuh weruh dhapure, apamaneh krungu swarane,salin chanel...Luwih  seneng nyetel sing klucu-lucu,lawakan, kanggo nglipur ati, tinimbang weruh rupane pejabat  sing njemberi. Mengkono iku nandhakake yen jenenge pejabat wis ora kajen blas awit luwih nengenake enggone  "ngeruk dhuwit" tinimbang mikir rakyate.Akehe pejabat sing korup iku, mula bukane ya golek seneng. Wong burip seneng gopelkmdhuwit, wis carane,nanging yen klerundalane..,entek-entekake ya dadi ora seneng. Apamaneh kebacut diukum, saya getun.
            Seje karo kuli batu sing golek seneng sing mbarokahe, senajan mung sethithik olehe,ning ya seneng. Senenge ya akeh, ora mung seneng nalika nampani opah, nanghingbuga seneng atine bisa mnehake dhuwit iku marang bojone. Dienggo blanja, weruh anake mangan telap-telep saka kayane nguli, ya seneng.
            Nindakake pasa wulan Romadhon mengkene iki, senajan weteng kothong ngintir-ngintir, ya seneng bisa nindakake kuwajibane minangka wong Islam. Weruh srengenge ngarepake surup, ya wis seneng. Krungu DHENG,  buka, ya tambah seneng.Sukur bisa tutug sewulan, saya tambah seneng.  Dene kok nganti mokak, saka kepeksa, ya isih golek seneng yen bisa ngijoli...Dadi, kabeh wong urip ing ngalam ndonya iki  sing digoleki  SENENG.Bedane, seneng sing kepiye? Seneng sing mbarokahi apa seneng sing mitunani..Tekan fesbukan ngene iki sing digoleki ya seneng. Seneng kanca kenalane akeh, saya akeh saya seneng, tambah   gayeng , senajan embuih mengko pira mbayare Spidy ing Telkom.  Mbayar pira-pira,gak masalah, senengok!*